PASINAON BASA JAWA KAPING RONG ATUS TELUNG PULUH TELU
EDHISI MIRUNGGAN: 27 JULI 2012

Tembung-Tembung Basa Madya

Ing basa krama pawicantenan taksih asring kenging pangaribawa saking basa madya jaman kajawen. Tuladha tembung-tembung basa madya kapacak wonten ing “tabel” ngandhap menika:

Terjemahan dalam bahasa Indonesia

Dalam bahasa krama dialog masih sering mendapat pengaruh dari basa madya zaman dulu. Contoh kata-kata basa madya terlihat pada tabel di bawah ini.

Tembung Ngoko Tembung krama Tembung Madya Terjemahan
1 aja sampun ampun jangan
2 akeh kathah okeh banyak
3 ana wonten onten, enten ada
4 apa menapa napa apa
5 arep badhe ajeng akan
6 ayo, mara mangga daweg, engga, awi ayo, silakan, mari
7 bakal badhe ajeng calon, kain
8 biyen rumiyin/kala rumiyin siyen, sengiyen dulu, dahulu
9 dhisik rumiyin kriyin, riyin awal, dulu
10 dudu sanes dede bukan
11 enya mangga engga, daweg silakan
12 genea sebab menapa, menapa napaa kenapa, mengapa
13 iki menika niki ini
14 iki lho menika lho nigilo ini lho
15 iku, kuwi menika niku, nika itu
16 isih taksih tasih, teksih, tesih masih
17 iya inggih enggih ya
18 jare, jarene sanjangipun, criyosipun turene, tosipun katanya
19 kae menika nika, negale, negalo itu
20 kari kantun kentun tinggal
21 kena apa kenging menapa kenging napa kenapa, mengapa
22 kepriye kadospundi kepripun bagaimana
23 kowe sampeyan samang, dika kamu
24 maneh malih melih lagi
25 mengko mangke mengke nanti
26 menyang dhateng teng ke
27 mrana mrika rika ke sana
28 mrene mriki riki ke sini
29 mung namung naming, gur, kur hanya
30 saiki samenika saniki sekarang
31 samene samanten semanten sekian, sebegini
32 samono samanten semonten sekian, sebegitu
33 saprene samenika sapriki sekarang, saat ini
34 siji satunggal senunggal, senunggil satu
35 uwis sampun empun sudah
36 wae kemawon mawon saja
37 kana ngrika rika sana
38 kene ngriki riki sini
39 kono ngriku riku situ

Suwandi

Naskah diambil dari “Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa” karangan Drs. Haryana Harjawiyana, S.U. dan Drs. Th. Supriya, tahun 2001, penerbit: Kanisius Yogyakarta.




Artikel Lainnya :



Bale Inap Bale Dokumentasi Bale Karya Bale Rupa Yogyakarta