Pasinaon Basa Jawa Kaping Rong Atus Sewidak Wolu Edhisi Mirunggan: 3 Juni 2014

Author:editorTembi / Date:03-06-2014 / Ini contoh penerapan kata pada tataran bahasa Jawa saat ini, dengan keterangan: n = singkatan dari bahasa ngoko, na = bahasa ngoko halus, k = bahasa krama, saha ka = bahasa krama halus.

Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa, foto: Suwandi/tembi
Kamus Unggah-Ungguh Bahasa Jawa cocok 
untuk belajar mengenal bahasa krama

Undha-Usuk Basa Jawi ing Wekdal Samenika

Pancen menawi dipun tandhingaken kaliyan jaman rumiyin, undha-usuk basa Jawi samenika langkung ringkes. Dene ing jaman rumiyin undha-usuk basa Jawi saged kaperang dados 13 jinis, kadosta: basa Ngoko-lugu, Ngoko-andhap (Antya-basa lan basa-Antya), basa Madya (Madya-Ngoko, Madyantara, lan Madya-krama), basa Krama Desa, basa Krama (Mudha-krama, Kramantara, lan Wredha-krama), basa Krama inggil, lan basa Kadhaton. Lajeng undha-usuk basa Jawi samenika langkung ringkes, namung kaprinci dados 4 jinis, inggih menika: basa Ngoko-lugu, basa Ngoko-alus, basa Krama-limrah, basa Krama-alus.

Ing ngadhap menika tuladha trap-trapanipun tembung wonten ing undha-usuk basa Jawi samenika, kanthi katrangan: n = cekakan saking basa ngoko, na = basa ngoko alus, k = basa krama, saha ka = basa krama alus. Sawetawis, tembung panyebat tiyang ’kata ganti orang’ lan tembung kriya ’kata kerja’ nyocogaken kaliyan undha-usukipun.

19. Tembung = dakjupuke: n = Sing nggawa piring ana ing kene iki mau Yanti apa ya? E, dakjupuke! 
na = Sing ngampil ambengan ana ing kene iki mau Ibu Tini apa ya? E, adalem-jupuke!
k = Ingkang mbekta lancaran wonten ing ngriki menika wau Mbok Radem menapa inggih? E, kula-pendhetipun! 
ka = Ingkang ngampil ambengan wonten ing ngriki menika wau Ibu Tini menapa inggih? E, adalem-pendhetipun!
20. Tembung = dakjupukane: n = Yanti, piring plastik sing ora padha kokgawa mulih kae, dakjupukane wae, oleh ta? 
na = Ibu Tini, ambengan plastik sing ora panjenengan-ampil kondur kae, adalem-jupukane wae, kepareng ta? 
k = Mbok Radem, lancaran plastik ingkang boten sampeyan bekta mantuk menika, kula-pendhetanipun wae, angsal ta? 
ka = Ibu Tini, ambengan plastik ingkang boten panjenengan-ampil kondur menika, adalem-pendhetanipun kemawon, kepareng ta?

Cathetan:

  • Ing ukara pitakon ’pertanyaan’ kanthi wangsulan saking tembung panyulih I, mila wangsulan tembung panyulih I ewah nyocogaken basanipun. Basa Ngoko, ngginakaken ater-ater/awalan lan panambang/akhiran dak(basa ngoko)...e; basa Ngoko alus, ngginakaken adalem(basa ngoko)...e; basa Krama, ngginakaken kula(krama lugu)...ipun; lan basa Krama alus ngginakaken adalem (basa krama lugu)...ipun. (tuladha nomer 19).

  • Ing ukara pitakon ’pertanyaan’, tembung panyulih I ewah nyocogaken basanipun. Basa Ngoko, ngginakaken ater-ater/awalan dak+(basa ngoko)...ane; basa Ngoko alus, ngginakaken adalem+(basa ngoko)...ane; basa Krama, ngginakaken kula+(basa krama lugu)...ipun; lan basa Krama alus ngginakaken adalem+(basa krama lugu)...ipun. (tuladha nomer 20).

 Terjemahan dalam Bahasa Indonesia Pembelajaran Bahasa Jawa Kedua Ratus Enam Puluh Delapan 
Edisi Khusus: 3 juni 2014

Tingkatan Tutur Bahasa Jawa di Zaman Sekarang

Memang jika dibandingkan dengan zaman dulu, tataran tutur bahasa Jawa di zaman sekarang lebih ringkas. Jika di zaman dulu tataran tutur bahasa Jawa dapat dibedakan menjadi 13 jenis, seperti: bahasa Ngoko-lugu, Ngoko-andhap (Antya-basa dan basa-Antya), bahasa Madya (Madya-Ngoko, Madyantara, dan Madya-krama), bahasa Krama Desa, bahasa Krama (Mudha-krama, Kramantara, dan Wredha-krama), bahasa Krama Inggil, dan bahasa Kadhaton. Lalu tataran tutur bahasa Jawa saat ini lebih ringkas, hanya dibagi menjadi 4 jenis, yaitu: bahasa Ngoko-lugu, bahasa Ngoko-halus, bahasa Krama-limrah (wajar), dan bahasa Krama-halus.

Di bawah ini contoh penerapan kata pada tataran bahasa Jawa saat ini, dengan keterangan: n = singkatan dari bahasa ngoko, na = bahasa ngoko halus, k = bahasa krama, saha ka = bahasa krama halus. Sementara, kata ganti orang dan kata kerja yang digunakan menyesuaikan tataran itu.

19. Kata = dakjupuki: ’saya ambil’ n = Apakah yang membawa piring ke sini tadi Yanti ya? E, saya ambil/dakjupuke! 
na = Apakah yang membawa piring ke sini tadi Ibu Tini ya? E, saya ambil/adalem-jupuke! 
k = Apakah yang membawa piring ke sini tadi Mbok Radem ya? E, saya ambil/kula-pendhetipun! 
ka = Apakah yang membawa piring ke sini tadi apakah Ibu Tini ya? E, saya ambil/adalem-pendhetipun!
20. Kata = dakjupukake : ’saya ambili’ (berulangkali) n = Yanti, piring plastik yang tidak engkau bawa pulang, saya ambili/dakjupukane saja, boleh kan?
na = Ibu Tini, piring plastik yang tidak engkau bawa pulang, saya ambili/adalem-jupukane saja, boleh kan? 
k = Mbok Radem, piring plastik yang tidak engkau bawa pulang, saya ambili/kula-pendhetanipun saja, boleh kan? 
ka = Ibu Tini, piring plastik yang tiak engkau bawa pulang, saya ambili/adalem-pendhetanipun saja, boleh kan?

Catatan:

  • Pada kalimat tanya, dengan jawaban kata ganti orang I, maka jawaban kata ganti orang I berubah menyesuaikan jenis ragam bahasanya. Bahasa Ngoko, menggunakan awalan dak+(basa ngoko)...e; bahasa Ngoko halus, menggunakan adalem+(basa ngoko)...e; bahasa Krama, menggunakan kula+(krama lugu)..ipun.; dan bahasa Krama halus menggunakan adalem+(basa krama lugu)...ipun. (contoh kalimat nomor 19)
  • Pada kalimat tanya, kata ganti orang I berubah menyesuaikan jenis ragam bahasanya. Bahasa Ngoko, menggunakandak+(basa ngoko)...ane; bahasa Ngoko halus, menggunakan adalem+(basa ngoko)...ane; bahasa Krama, menggunakan kula+(krama lugu)...ipun; dan bahasa Krama halus menggunakan adalem+(basa krama lugu)...ipun. Pada kalimat na dan ka, kata kerja hanya menggunakan basa ngoko dan krama lugu, karena menyesuikan kata ganti orang I, yang tidak boleh di-krama halus-kan. (contoh kalimat nomor 20)

(bersambung)

Suwandi

Disarikan dari buku “Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa” karangan Drs. Haryana Harjawiyana, S.U. dan Drs. Th. Supriya, tahun 2001, penerbit: Kanisius Yogyakarta, hlm. 130-131.

Pasinaon Basa Jawa

Latest News

  • 14-06-14

    Hari Keberuntungan O

    Orang Wuku Julungpujud mempunyai tekad yang tinggi dalam meraih cita-cita, sehingga ia tidak suka ada orang lain yang melebihi dirinya. Ia juga... more »
  • 14-06-14

    Konser Rock And Roll

    Menandai perjalanan mereka 13 tahun bermusik, duo rock and roll ‘The Experience Brothers’ menggelar konser intim bertajuk ‘Our Deepest Growl’.... more »
  • 14-06-14

    Kedung Pengilon, Oby

    Menurut sumber setempat dulu bila dilihat dari atas permukaan airnya berkilauan saat kena terpaan sinar matahari. Kilau cahaya dari permukaan air... more »
  • 13-06-14

    Kapi Menda, Kisah Pi

    Kutukan air telaga masih memakan korban. Kedua cantrik yang tidak berdosa, Menda dan Jembawan, yang ingin melerai perkelahian Guwarsa Guwarsi tidak... more »
  • 13-06-14

    Wader Goreng Kali Oy

    Gurih-pedas brongkos, kenyal daging sapi, krispi wader goreng, dan tekstur kacang tholo yang lumer digigit dan nyaris seperti kacang merah itu... more »
  • 13-06-14

    Highfield Secondary

    Dalam perjalanannya toh akhirnya mereka menikmati juga petualangan naik bajak yang ditarik kerbau itu. Apalagi salah satu guru mereka, Miss Cindy,... more »
  • 12-06-14

    Festival Musik Tembi

    Musik Indonesia itu tidak ada, yang ada di Indonesia itu musik Jawa, musik Batak, musik Bali dan lainnya. Festival Musik Tembi merupakan jalan menuju... more »
  • 12-06-14

    Pekan Rakyat Jakarta

    Berbeda dengan Pekan Raya Jakarta di Kemayoran yang sifatnya lebih ke skala Internasional dan menembak kalangan menengah ke atas, PRJ kali ini... more »
  • 12-06-14

    Sebilah Keris Tanggu

    Daerah Pengging termasuk salah satu wilayah yang terkenal dan bahkan dalam Ensiklopedi Keris tahun 2004 karangan Bambang Harsrinuksmo (halaman 365)... more »
  • 11-06-14

    Guru-guru SD BIAS Kl

    Setelah anak-anak SD BIAS (Bina Anak Sholeh) Klaten melakukan kegiatan wisata budaya di Tembi, giliran guru-gurunya mengikuti kegiatan yang sama pada... more »