Pasinaon Basa Jawa Kaping Rong Atus Pitung Puluh Loro Edhisi Mirunggan: 6 Oktober 2014

Author:editorTembi / Date:06-10-2014 / Tembung ngadeg dipun ginakaken kangge basa ngoko. Semanten ugi kangge mbasakaken dhiri pribadi ugi ngangge ngadeg, boten kepareng ngangge jumeneng. Tembung jumeneng kangge mbasakake priyantun sanes, langkung-langkung ingkang sepuh menapa dene ingkang dipun kurmati.

Undha-Usuk Basa Jawi ing Wekdal Samenika

Ing ngadhap menika tuladha trap-trapanipun tembung wonten ing undha-usuk basa Jawi samenika, kanthi katrangan: n = cekakan saking basa ngoko, na = basa ngoko alus, k = basa krama, saha ka = basa krama alus. Sawetawis, tembung panyebat tiyang ’kata ganti orang’ lan tembung kriya ’kata kerja’ nyocogaken kaliyan undha-usukipun.

Dene tembung ingkang badhe kagem tuladha inggih menika: ”ngadeg” (tembung Ngoko/n) ingkang gadhah undha-usuk tembung ”ngadeg” (tembung Krama Ngoko/kn) lan tembung ”jumeneng” (tembung Krama Inggil/ki).

n = Pak Sasra lungguh, banjur ngadeg karo ndeleng jaba. 
na = Pak Sasra pinarak, banjur jumeneng karo mriksani jaba. 
k = Pak Sasra lenggah, lajeng ngadeg kaliyan ningali jawi. 
ka = Pak Sasra pinarak, lajeng jumeneng kaliyan mriksani jawi.

Cathetan:

  • Ing ukara nginggil, tembung ngadeg, nyocogagaken kaliyan undha-usuk basa Jawi. Semanten ugi tembung-tembung sanesipun.
  • Tembung: ngadeg (n)  ngadeg (k)  jumeneng (ki).
  • Tembung: lungguh (n)  lenggah (k)  pinarak (ki).
  • Tembung: banjur (n)  lajeng (k)  lajeng (ki).
  • Tembung: karo (n)  kaliyan (k)  kaliyan (ki).
  • Tembung: ndeleng (n)  ningali (k)  mriksani (ki).
  • Tembung: jaba (n)  jawi (k)  jawi (ki).

Dudutan:

Tembung ngadeg dipun ginakaken kangge basa ngoko. Semanten ugi kangge mbasakaken dhiri pribadi ugi ngangge ngadeg, boten kepareng ngangge jumeneng. Tembung jumeneng kangge mbasakake priyantun sanes, langkung-langkung ingkang sepuh menapa dene ingkang dipun kurmati.

Tuladhanipun:

        (1) ”Keparenga kula matur kanthi ngadeg wonten ngarsanipun para Bapak saha Ibu”. (leres)

Boten kepareng lajeng matur mekaten:

        (2) ”Keparenga kula matur kanthi jumeneng wonten ngarsanipun para Bapak saha Ibu”. (klentu/lepat)

Terjemahan Dalam Bahasa Indonesia Pembelajaran Bahasa Jawa Kedua Ratus Tujuh Puluh Dua 
Edisi Khusus: 6 Oktober 2014

Tingkatan Tutur Bahasa Jawa di Zaman Sekarang

Di Bawah ini contoh penerapan kata pada tataran bahasa Jawa saat ini, dengan keterangan: n = singkatan dari bahasa ngoko, na = bahasa ngoko halus, k = bahasa krama, saha ka = bahasa krama halus. Sementara, kata ganti orang dan kata kerja yang digunakan menyesuaikan tataran itu.

Sementara itu kata yang dipakai untuk contoh adalah kata ngadeg artinya ”berdiri” (termasuk kata Ngoko/n) yang mempunyai tingkatan tutur kata ngadeg artinya juga ”berdiri” (termasuk kata Krama/k) dan kata jumeneng juga berati ”berdiri” (termasuk kata Krama Inggil/ki). Dari beberapa contoh di atas, mempunyai arti dalam bahasa Indonesia:

Ind = Pak Sosro duduk, lalu berdiri sambil memandang (ke arah) luar.

Catatan:

  • Pada kalimat di atas, kata ngadeg ”berdiri”, menyesuaikan dengan tingkat tutur bahasa Jawa. Demikian pula dengan kata-kata lainnya.
  • Kata: ngadeg (n)  ngadeg (k)  jumeneng (ki).
  • Kata: lungguh (n)  lenggah (k)  pinarak (ki).
  • Kata: banjur (n)  lajeng (k)  lajeng (ki).
  • Kata: karo (n)  kaliyan (k)  kaliyan (ki).
  • Kata: ndeleng (n)  ningali (k)  mriksani (ki).
  • Kata: jaba (n)  jawi (k)  jawi (ki).

Kesimpulan:

Kata ngadeg ’berdiri’ digunakan dalam bahasa Ngoko (kasar). Demikian pula untuk berbahasa sopan bagi diri pribadi juga menggunakan kata ngadeg’berdiri’, tidak boleh menggunakan kata jumeneng ’berdiri’. Kata jumeneng’berdiri’ dipakai untuk membahasakan orang lain sebagai bentuk sopan atau hormat, lebih-lebih yang dianggap tua atau yang perlu dihormati.

Contoh:

        (1) ”Izinkanlah saya berkata dengan ’berdiri’ (bahasa Jawa: ngadeg) di hadapan para Bapak dan Ibu”. (benar)

Tidak boleh kemudian berkata demikian:

        (2) ”Izinkanlah saya berkata dengan ’berdiri’ (bahasa Jawa: jumeneng) di hadapan para Bapak dan Ibu”. (keliru/salah)

Suwandi 
Diolah dari buku “Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa” karangan Drs. Haryana Harjawiyana, S.U. dan Drs. Th. Supriya, tahun 2001, penerbit: Kanisius Yogyakarta, hlm. 11.

Pasinaon Basa Jawa

Latest News

  • 09-10-14

    Wayang Jurnalis, Luc

    Wayang Jurnalis berhasil membuat riuh dan tak henti membuat penonton tertawa. Ini kali pertama jurnalis berperan sebagai wayang orang, dan dinyatakan... more »
  • 09-10-14

    Prof Dr Suratman Wor

    Acara Musda Barahmus digelar setiap 4 tahun sekali sebagai bentuk pertanggungjawaban pengurus Barahmus kepada museum-museum di DIY yang menjadi... more »
  • 08-10-14

    Pembuatan Keris

    Di dalam buku ini secara singkat dipaparkan nama-nama bagian keris (ricikan), peralatan yang dipakai, bahan-bahan yang digunakan dan cara-cara... more »
  • 08-10-14

    Mencitakan Sastra Ja

    Temu Sastra Jawa Sastra Dunia ini pada akhirnya menghasilkan 18 rumusan yang diusulkan kepada Dinas Kebudayaan DIY yang diharapkan bisa diteruskan,... more »
  • 07-10-14

    Pameran Wacinwa di J

    Teknis pertunjukan wayang kulit Cina-Jawa sama dengan pergelaram wayang kulit purwa. Hanya saja, busana dalang dan para pengrawitnya menggunakan... more »
  • 07-10-14

    Genthong, Tempat Air

    Salah satu alat dapur tradisional pada masyarakat Jawa yang saat ini sudah termasuk langka adalah genthong, terutama yang terbuat dari tanah liat.... more »
  • 07-10-14

    Kompleks Makam Raja

    Kompleks makam raja, Masjid Gede Kotagede, Sendang Saliran, dan lain-lain ini mencakup lahan seluas sekitar 5,5 hektar. Masjid Gede Kotagede yang... more »
  • 06-10-14

    Gedenkschrift

    Buku ini berisi tentang Keberadaan atau kegiatan Departemen Pertanian, Perindustrian dan Perdagangan selama 25 tahun (1905 – 1930), di zaman... more »
  • 06-10-14

    Mobil Mainan Kesukaa

    Kini mobil-mobilan milik Sultan Hamengku Buwana IX kecil itu disimpan di dalam Museum Sultan Hamengku Buwana IX di dalam kompleks Keraton Kasultanan... more »
  • 06-10-14

    Pasinaon Basa Jawa K

    Tembung ngadeg dipun ginakaken kangge basa ngoko. Semanten ugi kangge mbasakaken dhiri pribadi ugi ngangge ngadeg, boten kepareng ngangge... more »