Sasi Sawal Tumrap Wong Jawa

Sasi Sawal Tumrap Wong Jawa

Kaya adat saben, ngancik sasi Sawal akeh wong padha ngadani adicara Sawalan, yaiku acara apura-ingapuran kanthi jeneng Halal Bi Halal. Mangkono mau akeh katindakake dening masarakat Jawa apadene masarakat nuswantara liyane. Kamangka tradhisi kasebut ora ana ing tanah Arab. Malah ing negara liya uga ora ana tradhisi Sawalan. Pancen tradhisi kasebut apik lan bisa uga entuk pengaruh saka budaya lokal. Dene wong apura-ingapura iku becik lan kudu katindakake ing saben dinane samangsa ngakoni kaluputan. Dene yen ing sasi sawal iku, racake umum katindakake kanthi bebarengan ing ngendi papan, sawise sesasi muput umat muslim padha nindakake Pasa. Ing pungkasane Pasa ana dina Riyaya. Ing kene wektu kang dianggep pas kanggo ngadani adicara Sawalan, amarga dianggep atine suci maneh kaya sadurunge lair. Mangkono panemune adicara Sawalan utawa Halal Bi Halal.

Nanging kanggone tradhisi Sawalan iku racake ora kudu khusus warga muslim, nanging wis rata. Kabeh masarakat kang padha srawung padha ngadani Sawalan. Mula adicara Sawalan ora mung diadani ing masjid sawise dina Riyaya, nanging meh saben dina ing sasi Sawal padha ngadani Halal Bi Halal, embuh kuwi saka instansi pamarentah, sekolahan, kampung, kalurahan, swasta, lan sapanunggalane. Dadi ing sasi Sawal iki akeh wong padha duwe adicara Sawalan lan wis kaanggep jamak ing masarakat Jawa lan nuswantara.

Saliyane kanggo adicara Halal Bi Halal, racake warga masarakat Jawa uga akeh kang ngadani mantu ing sasi Sawal iki. Mula ora nggumunake, ngancik sasi Sawal akeh ulem sumebar saka wong duwe gawe kanggo masarakat tangga teparo lan tepungane. Ing dina-dina Ngad utawa Minggu, malah bisa uga wong siji nampa ulem luwih saka siji, aliyas dhobel. Amarga sasi Sawal dianggep sasi apik kanggo ngadani upacara mantu. Mula bisa dititeni, nalika ngancik sasi Sawal, akeh wong padha nduwe gawe mantu. Saliyane iku isih ana sasi-sasi liyane kang dianggep sasi becik tumrap masarakat Jawa kanggo nggelar acara mantu.

2. WAWAN REMBUG

Wulan Sawal akeh wong padha ngadani acara Halal Bi Halal lan ewuh mantu. Amarga sasi kasebut dianggep sasi apik kanggo apura-ingapuran lan mantokake bocah-bocah sing wis gedhe. Mula ora mokal, ulem pating ndlidir sumebar. Ora beda karo kang ditampa dening Mbah Jiyah lan Bu Parti (kekarone jeneng sesinglon) kang lagi blanja jangan ing warung pinggir lurung. Pacelathon kekarone kaya ing ngisor iki.

Mbah Jiyah Areptuku janganan apa Bu?
Bu Parti Menika Mbah badhe ......... jangan lodheh. Lawuhipun tempe kemawon.
Mbah Jiyah Aku ya ngono wae kok Bu,golek sing ngirit.
Bu Parti Leres Mbah, kedah ...... ingkang mirah, amargi wulanipun sae.
Mbah Jiyah Lha iya ta Bu, Sawal isih tanggal enom wae kok ya wisentuk kiriman ulem cacahe 5 ta ya. Apa panjenengan uga ngalami mangkono Bu?!
Bu Parti Ooh inggih Mbah, sami kemawon. Menika kula sampun ..... 8 ulem.
Mbah Jiyah Oalah nganti wolung ulem. Lha kok malah ngungkuli aku. Dak kira mung aku dhewe sing entuk akeh ulem.
Bu Parti Ooh sami kemawon Mbah. Wulansae menika adatipun priyantun samikagungan damel.
Mbah Jiyah Iya bener kandhamu. Sasi ...... ngene iki pancen akeh wong padha ......... Mula awake dhewe uga kudu ngirit anggone ngecakake dhuwit, supaya kabeh bisa kecukupan.
Bu Parti Inggih Mbah leres atur Panjenengan menika.

Mbah Jiyah lan Bu Parti enggal nerusake anggone milih janganan. Kaya ing pasinaon sadurunge, para netter utawa para maos kasuwun kersa ngisi ukara sing durung rampung. Tembung-tembung sing kacithak kandel minangka pancingan kanggo ngisi. Sugeng ngisi!

Undha-usuking tembung ngoko – krama kaya sing digunakake ing dhuwur.

Tembung Ngoko Krama Krama Inggil
apik sae -
duwe gawe kagungan damel -
entuk angsal -
golek pados -
tuku tumbas mundhut

3. MANGSULI PITAKONAN

  1. Ing wulan apa adate masarakat pada nindakake adicara Halal Bi Halal?
  2. Adicara kasebut umume dilaksanakake sawise sasi apa?
  3. Mbarengi adicara Halal Bi Halal, akeh warga masarakat kang uga nduweni adicara apa?

TERJEMAHAN BAHASA INDONESIA PELAJARAN BAHASA JAWA KE DUA RATUS TIGA PULUH ENAM EDISI: 14 SEPTEMBER 2012

1. BERITA

Bulan Syawal Bagi Orang Jawa

Seperti biasa, memasuki bulan Syawal banyak masyarakat mengadakan acara Syawalan, yaitu acara saling memaafkan dengan label Halal Bi Halal. Hal itu masih banyak dilakukan oleh masyarakat Jawa maupun masyarakat nusantara lainnya. Padahal tradisi itu tidak ada di tanah Arab. Bahkan tidak ada tradisi Syawalan di negara lain. Memang tradisi tersebut baik dan juga mendapat pengaruh oleh budaya lokal. Sementara orang saling memaafkan itu baik dan harus dilakukan pada kehidupan sehari-hari ketika melakukan kesalahan. Sementara jika di bulan Syawal itu, kebanyakan dilakukan dengan bersama-sama di mana pun berada, setelah sebulan penuh umat muslim menunaikan ibadah Puasa. Di akhir Puasa ada hari Lebaran. Waktu demikian ini yang dianggap tepat untuk mengadakan acara Syawalan, karena dianggap hatinya kembali suci ibaratnya sebelum lahir. Demikian gagasan diadakannya acara Syawalan atau Halal Bi Halal.

Namun tradisi Syawalan itu sebenarnya bukan hanya dikhususkan bagi umat muslim, tetapi sudah umum. Semua masyarakat yang bergaul biasanya mengadakan Syawalan. Maka acara Syawalan tidak hanya dilakukan di masjid saja setelah Lebaran tetapi hampir setiap hari di bulan Syawal banyak orang mengadakan acara Halal Bi Halal, entah itu dari instansi pemerintah, sekolah, kampung, kelurahan, swasta, dan sebagainya. Jadi pada bulan Syawal ini banyak orang mempunyai acara Syawalan dan hal itu sudah dianggap umum bagi masyarakat Jawa dan nusantara.

Selain acara Halal Bi Halal, umumnya warga masyarakat Jawa juga banyak yang mengadakan acara pernikahan di bulan Syawal ini. Maka tidak mengherankan, menginjak bulan Syawal banyak undangan bertebaran dari orang yang mempunyai hajat untuk masyarakat tetangga kanan kiri dan relasi. Pada hari-hari Minggu, bahkan bisa jadi satu orang mendapat undangan pernikahan lebih dari satu atau dobel. Sebab bulan Syawal dianggap bulan baik untuk mengadakan upacara pernikahan. Maka bisa ditebak, saat bulan Syawal, banyak orang punya hajat mantu. Selain itu masih ada bulan-bulan lainnya yang dianggap baik bagi masyarakat Jawa untuk mengadakan acara resepsi pernikahan.

2. DIALOG

Bulan Sawal banyak orang menggelar acara Halal Bi Halal dan pernikahan. Sebab bulan tersebut dianggap bulan baik untuk acara saling memaafkan dan menikahkan anak-anak yang telah menginjak dewasa. Maka tidak aneh, undangan banyak bertebaran. Tidak beda yang diterima oleh Mbah Jiyah dan Bu Parti (keduanya nama samaran) yang sedang berbelanja sayuran di warung pinggir jalan. Dialog keduanya seperti di bawah ini.

Mbah Jiyah Hendakbeli sayuran apa Bu?
Bu Parti Ini Mbah akan ......... sayur lodeh. Lauknya tempe saja.
Mbah Jiyah Aku juga begitu saja kok Bu,cari yang hemat.
Bu Parti Benar Mbah, harus ...... yang murah, sebab bulan baik.
Mbah Jiyah Lha iya to Bu, bulan Sawal masih tanggal muda saja kok ya sudahdapat terima undangan 5 buah. Apakah kamu juga demikian Bu?!
Bu Parti Ooh iya Mbah, sama saja. Ini saya sudah..... 8 undangan.
Mbah Jiyah Oalah hingga 8 undangan. Lha kok justru melebihi saya. Saya kira hanya saya yang dapat banyak undangan.
Bu Parti Ooh sama saja Mbah. Bulanbaik itu biasanya orang-orangpunya hajat.
Mbah Jiyah Iya benar katamu. Bulan ...... seperti sekarang ini memang banyak orang......... Maka kita juga harus hemat mengeluarkan uang, supaya semuanya tercukupi.
Bu Parti Iya Mbah benar kata Simbah.

Mbah Jiyah dan Bu Parti segera meneruskan memilih sayuran. Seperti pada pembelajaran sebelumnya, para netter atau pembaca diminta untuk berkenan mengisi kalimat yang belum selesai. Kata-kata tercetak tebal sebagai pancingan untuk mengisi. Selamat mengisi!

Tingkatan tembung ngoko – krama seperti yang digunakan di atas.

Tembung Ngoko Krama Krama Inggil Indonesia
apik sae - bagus, baik
duwe gawe kagungan damel - punya hajat
entuk angsal - dapat
golek pados - cari
tuku tumbas mundhut beli

3. MENJAWAB PERTANYAAN

  1. Pada bulan apa biasanya masyarakat menggelar acara Halal Bi Halal?
  2. Acara tersebut umumnya dilaksanakan setelah bulan apa?
  3. Bersamaan acara Halal Bi Halal, banyak warga masyarakat yang juga memiliki acara apa?

Naskah : Suwandi
Ilustrasi : Sartono




Artikel Lainnya :



Bale Inap Bale Dokumentasi Bale Karya Bale Rupa Yogyakarta