Tembi

Berita-budaya»PASINAON BASA JAWA KAPING RONG ATUS NEMLIKUR EDHISI MIRUNGGAN 14 APRIL 2012

13 Apr 2012 08:27:00

PASINAON BASA JAWA KAPING RONG ATUS NEMLIKUR
EDHISI MIRUNGGAN: 14 APRIL 2012

1. Tuladha-Tuladha Basa Ngoko ingkang Boten Baku/Kirang Baku

  1. Iki foto salah sijine warga koprasi karo ternak wedhuse. Bakunipun: Iki potret warga koprasi karo ingon-ingone wedhus. Bahasa Indonesia: Ini foto warga koperasi dengan ternak kambingnya.
  2. Wis sepuluh taun indhustri iki dak-kelola kanthi temenan, khususe gon menejemen, nanging kok durung ana kasile.
    Bakunipun: Wis sepuluh taun indhustri iki dak urus kanthi tumemen, mligi gon manajemen, nanging kok durung ana asile.
    Bahasa Indonesia: Sudah sepuluh tahun industri ini saya kelola benar-benar, khusus masalah manajemen, tetapi kok belum ada hasilnya.
  3. Wah, mobil mung cilik kok dimuati nganti sangang uwong.
    Bakunipun: Wah, mobil mung cilik kok diiseni nganti wong sanga.
    Bahasa Indonesia: Wah, mobil kecil kok diisi sembilan orang.
  4. Prastawa iku ndhorong kita kudu tansah waspada.
    Bakunipun: Kedadean iku nggugah aku kowe kudu tansah waspada. (prastawa = waspada, waskitha; boten sami kaliyan tembung ”peristiwa” ing basa Indonesia ingkang tegesipun kedadosan).
    Bahasa Indonesia: Peristiwa itu menyadarkan kita untuk selalu waspada.
  5. Wis ta, ditogne ae, ben bocahe kulina dolan dhewe!
    Bakunipun: Wis ta, dinengke wae, kareben bocahe kulina dolan dhewe!
    Bahasa Indonesia: Sudahlah, biarkan saja, biar anaknya terbiasa main sendiri!
  6. Wah, manuke dakplintheng, mak kleyang dideleng bocah akeh, kena!
    Bakunipun: Wah, manuke dakplintheng kena mak kleyang, dideleng bocah akeh!
    Bahasa Indonesia: Wah, burungnya saya ketapel kena lalu melayang, dilihat banyak orang!
  7. Ah, gandhu...njag kowe iku bocah cilik, diumuki ngono wae percaya.
    Bakunipun: Ah, ora ngandel, marga kowe iku bocah cilik, diumuki ngono wae percaya (basa gon-gonan tlatah Bantul).
    Bahasa Indonesia: Ah, tidak percaya, karena kamu itu anak kecil, dibohongi begitu saja percaya.
  8. E, sedhane kae disetop, kon ahtret dhisik!
    Bakunipun: E, sedhane kae diendheg, kon mundur dhisik!
    Bahasa Indonesia: E, mobil sedannya itu dihentikan, disuruh mundur dulu!

Sumber dari “Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa” halaman 37 (lampiran), karya Drs. Haryana Harjawiyana, S.U dan Drs. Th. Supriya, diterbitkan oleh Penerbit Kanisius Yogyakarta tahun 2001.

Suwandi




Artikel Lainnya :



Bale Inap Bale Dokumentasi Bale Karya Bale Rupa Yogyakarta