Gladhen Tembang Macapat 6

Gladhen Tembang Macapat 6

Tembang Gambuh termasuk tembang yang mempunyai struktur sederhana. Syair dalam satu putaran tembang berjumlah lima baris. Kelima baris tersebut disebut ‘pada.’ Sedangkan masing-masing baris disebut gatra.

Gatra 1, terdiri dari 7 guru wilangan (suku kata) dengan guru lagu suku (diakhiri dengan huruf u)
Gatra 2, terdiri dari 10 guru wilangan, dengan guru lagu suku
Gatra 3, terdiri dari 12 guru wilangan, dengan guru lagu wulu (diakhiri dengan huruf i)
Gatra 4, terdiri dari 8 guru wilangan, dengan guru lagu suku
Gatra 5, terdiri dari 8 guru wilangan, dengan guru lagu taling-tarung (diakhiri dengan huruf o)

Tembang gambuh seperti yang sudah dirinci di atas dengan diberi notasi lagu ‘Gambuh Wewarah’ dipakai sebagai materi untuk belajar pada gladhen atau latihan tembang macapat edisi ke 6 kali ini. Syair tembang mengambil dari Kitab Centhini Pupuh (bab) 256, ‘pada’ 1 sampai dengan ‘pada’ 28, yang sudah dibaca pada acara Macapatan Malem Rebo Pon putaran 113, di pendapa Tembi Rumah Budaya pada bulan September 2012 lalu. Secara garis besar keduapuluh delapan ‘pada’ tersebut berisi mengenai ‘wewarah’ (nasihat) yang ditulis dalam kitab Musarar dan dibeberkan oleh Molama Ngalimu Samsujen dari Ngerum kepada Prabu Jayabaya raja Kediri. Isinya mengenai predeksi jaman dengan nama serta cirinya, seperti berikut ini:

2. Putus sanggyaning kawruh
amumpuni ing ngelmu misuwur
ing pameca tetes tetes tatas titis
uninga saderengipiun
winarah wus katon melok

3. Sri nata sru kayunguyn
miminta sih barkahing ngaluhung
tandya puruita maring sang ayogi
suraosing kawruh luhung
narbuka gaibing Manon

4. Sengkeraning Hyang Agung
wawadose cipta sasmiteku
ingkang uwus kasebut ana sajroning
Kitab Musarar sadarum
jangka kang bakal kalakon

5. Mangkana sang aprabu
Jayabaya tyas ngumala merdu
tan na cicir piwulang kang dentampeni
sadaya sampun kacakup
neng sanubari gumathok

6. Paripurnaning tutur
Sri Narendra Jayabaya uwus
tampi kanugrahan cipta sasmiteki
karsa nganggit jangkanipun
Tanah Jawa kang kalakon

7. Pinurwa kalanipun
ingisenan jalma saking Ngerum
kang kaping dwi tumeka ing dina akir
kiyamat cobra wus gadhug
tutup sakehing lalakon

8. Kinarya tri jaman gung
jaman ingkang wiwitan winuwus
denarani jaman Kaliswara nenggih
punika pambabaripun
ungel-ungelan sayektos

9. Dene ta laminipun
taun Sirya pitungatus taun
pitungatus salikur ing taun Sami
sajroning jaman puniku
keh swara kang elok-elok

10. Kumaraning jagad gung
asring ana kapyarsa gumuntur
gara-gara geter dhedhet erawati
wit akeh manungsa luhung
anggentur tapa mrih kaot

11. Sarta keh jawateku
ngejawantah nir sarananipun
tumurun ing ngarcapada dumadya ji
kadang brahmana kinayun
mrih rahayuning sakeh wong

12. Jaman madya winuwus
ingaranan Kaliyogo iku
wardinira babaring tuwuhan nenggih
taun Surya laminipun
sapta tus taun kalakon

13. Pitungatus salikur
taun Candra jroning jaman iku
asring ana barubah belah kang bumi
kadhang ana tanah mawut
dumadya kang pulo-pulo

14. Awit ing jaman mau
sedyaning kang manungsa linuhung
kang ngemasi akeh kang padha manitis
manuksma majanma estu
neng marcapada karaos

15. Gantya ingkang winuwus
jaman ingkang wekasan puniku
ingaranan jaman Kalisengareki
wardi bantering kang ranu
ing taun Surya pinathok

16. Lami saptatus taun
de taun Lek saptatus salikur
ing sajroning jaman iku Tanah Jawi
akeh udan deres teruh
kalawan mangsa tan jumboh

17. nDhatengken banjir agung
kang bangawan ngalih ilinipun
tandha dadya suda barkating kang bumi
adadira andedangu
kabegjane sakehing wong

18. Kedhik panrimanipun
awit dene manungsa sawegung
panggiluting kawruh tumekaning pati
ngugemi ing kawruhipun
pribadi minangka waton

19. Jaman gung katri mau
ing sajaman kapetang pipitu
ingaranan Sata-manggala winardi
dadya jaman alit pitu
bah osik kang wus dhumawoh

20. Jroning Pulo Jaweku
ing sajaman apan etangipun
pan ginarba taun Surya sadayeki
kurang luwih nyatus taun
gumantining kang kalakon

21. Sajroning satus taun
padha nelung rambahan puniku
denwastani Mangsakala tegesneki
wasta jaman ngayah-ngayuh
sarambahaning lalakon

22. Tigangdasa tri taun
utawi tridasa catur taun
mangkoneku pamangklatira sang Aji
Jayabaya enggenipun
mratelakake lalakon

23. Jalma saisinipun
Tanah Jawi ingkang uwus-uwus
kalampahan kacrita ing nguni-uni
atanapi ingkang durung
kaedhar sampun pinathok

24. Ing mangkya kang winiwus
jroning jaman Kaliswara wau
pan kepareng dadi jaman pitu cilik
lah iki pratelanipun
sajroning jaman sawiyos

25. Dene ingkang rumuhun
ranning jaman Kalakukileku
werdi jaman Peksi wahananireki
jalma padha ting bilulung
kadi peksi ngupayanggon

26. Kang kadwi arannipun
jaman Kalabudha wardinipun
jaman Nungkul padha kaananireki
keh jalma nungkul manungku
mring panembahin Hyang Manon

27. Kaping tri arannipun
jaman Kalabrawa wardinipun
jaman Murub dene wahananireki
keh jalma murka mbergundung
tan ana panrimeng batos

28. Ranning kang kaping catur
jaman Kalatirta tegesipun
jaman Toya dene wahananireki
apan akeh udan agung
banjir lir samodra erob

Macapatan Malem Rebo Pon 113
25 September 2012

herjakaHS




Artikel Lainnya :



Bale Inap Bale Dokumentasi Bale Karya Bale Rupa Yogyakarta