Gladhen Tembang Macapat 5

Gladhen Tembang Macapat 5

Materi yang digunakan untuk belajar pada gladhen atau latihan tembang macapat edisi ke 5 kali ini, mengambil materi tembang yang sudah dibaca pada acara Macapatan Malem Rebo Pon putaran 112, di pendapa Tembi Rumah Budaya pada bulan Juli 2012 lalu. Bertepatan dengan hari jadi Kabupaten Bantul, materi tembang yang dibaca mengambil tulisan dari Ki Bodronoyo dengan judul Sejarah Kabupaten Bantul. Dari seratus sembilan pada macapat yang ditulis, diambil delapan pada seperti berikut ini:

Sejarah Kabupaten Bantul
Rinacik Sekar Macapat
Dening Ki Bodronoyo

Gladhen Tembang Macapat 5

14. Ugi ngangkat pra pejabat Distrik
saking Sultan pinaringan pangkat
kepala Distrik arane
sarta gelar Tumenggung
iku pangkat ing aran Mantri
Bupati Bantul Karang
yeku Ki Tumenggung
ya Raden Mangun Negara
winisuda: kalih dasa wulan Juli
wolulas tiga stunggal (20 Juli 1831)

15. Wiwit iku peprentahan nagri
wus tinata Ki Mangun Negara
mlampah lengkap perangkate
dadya sejarah Bantul
saben tahun dipun pengeti
sagung rakyat semangat
mbangun brayatipun
semangat juang makantar
trus gumregah giyat makarya angudi
mrih makmuring nagara

16. Pasewakan agung den adani
Kanjeng Sultan sinuwun ping gangsal
Bupati nayaka kabeh
pra sentana tan kantun
samya lenggah madhep sang Aji
njeng Sultan pangandika
sun tetepken Bantul
dadya Kabupaten anyar
Rebo Kliwon tanggal kalih dasa Juli
sineksen pra nayaka

17. Peprentahan duk jaman Walandi
ing Ngayogyakarta Hadiningrat
winengku dening Guvermen
kalenggahan Gubernur
kang ngwasani jroning negari
wonten karesidenan
sak ngandhap Gubernur
mbawahi para bupatya
lan binantu Asissten Residen nami
jroning karesidenan

18. Peprentahan tumrap wong pribumi
kang sinebat Regent Pangreh Praja
pangwasa ing Kabupaten
Bupati pangkatipun
pembantu Wedana Distrik
anggenira makarya
saben arinipun
ing kantor asistenan
mapan ing wewengkon kasultanan neki
Kasultanan Ngayogya

19. Sasampunnya Asisten manginggil
medhakira peprentahan Desa
yekti Lurah Desa kabeh
dene perangkatipun
Carik Desa dipun wastani
lan ugi Kamitua
klawan Ulu-ulu
Jagabaya tuwin Kebayan
kadidene Dukuh-Dukuh jaman mangkin
kaum Rois jangkepnya

20. Saderenge den atur Bupati
peprentahan sajroning negara
ing desa-desa umume
Demang Bekel Penatus
kang nglayani warga pribumi
sumungkem mring parentah
mung sendika dhawuh
saking dhawuhing atasan
narik pajeg nuli asung bulu bekti
den atur ken Negara

herjaka HS




Artikel Lainnya :



Bale Inap Bale Dokumentasi Bale Karya Bale Rupa Yogyakarta