PASINAON BASA JAWA KAPING RONG ATUS TELUNG PULUH LORO
EDHISI MIRUNGGAN: 13 JULI 2012

Tembung-Tembung Alus

Wonten sawatawis tembung ngoko, sajatosipun tembung limrah, boten kasar, boten saru, nanging bokbilih karaos langkung prayogi dipunbesut, kadamel langkung alus, supados langkung ngresepaken manah. Pramila lajeng dipunwastani tembung alus. Ing ngandhap menika kasusun daftar tembung-tembung wau kaliyan tembungipun alus.

Tembung Ngoko Tembung Alus
1. anak = momongan
2. anak-anak = rewang anak (larenipun taksih nesep)
3. bapa biyung = wong tuwa
4. bebojoan = sesomahan, nglakoni (ora bebojoan = ora nglakoni)
5. bodho = kendho, kethul (rada bodho = rada kendho)
6. bojo = rayat; wong wadon, ibune bocah-bocah (ingkang mastani tiyang jaler); wong lanang, bapake bocah-bocah (ingkang mastani tiyang estri)
7. budheg = suda rungu, ora pati krungu
8. cacad = ora lumrah (tumrap cacad badan)
9. cacaren, lara cacar, plenthingen = lara ayu, tampa (ganjaran); (lagi cacaren = lagi tampa)
10. cangkem = lesan
11. ceko, cekot = kwaga
12. edan = lara engetan, ora ganep
13. jamban, kulah = pekiwan
14. jothakan = ora kesdu (tumrap lare)
15. kakus (WC) = buri (arep neng kakus, arep mbebuwang = arep neng buri)
16. kandha = pratela (ngandhakake, nerangake = mratelakake)
17. kathok = sruwal, suwal (g)
18. kedanan = kayungyun, nandhang wuyung (dimabuk asmara)
19. kematus/tbc = lara jero
20. kesed, wegahan = kurang maju
21. lamur = ora pati weruh, rada bruwet
22. lara = ora kepenak, ngelu mules (yen nandhang lara = yen ana ngelu mulese)
23. madhang = mangan; sarapan (sanajan siyang utawi sonten, makan nasi)
24. mangan = ngicipi (ayo dipangan = ayo diicipi)
25. mata = mripat
26. mati = ajal, mulih, ora ana, pancal donya, sowan ing pangayunaning Pangeran, tinggal donya
27. mendem = wuru
28. neng-nengan = ora sarju, ora aruh-aruhan, ora ruh-ruhan (basa pawicantenan), ora rujuk (tumrap kaliyan semah; lagi neng-nengan = lagi ora rujuk)
29. ngising = bebanyu, mbebuwang, ana ing buri
30. nguyuh = ana ing kulah, ana ing sumur; arep nguyuh = arep menyang kulah, arep nyang kulah (p), arep menyang sumur, arep nyang sumur (p)
31. omah = gubug, pondhok, rompok
32. pegatan = pisahan
33. picak = ora weruh
34. pisah tanpa layang pegat = pisah kebo
35. padu = regejegan, mbangun trisna (tumrap kaliyan semah)
36. pamit = presaben (criyos manawi boten saged dhateng)
37. ora duwe bojo = ora omah-omah, ora nglakoni; momong anak (tumrap tiyang estri)
38. ora cekel gawe (nganggur) = dadi wong mardika
39. rai = praupan
40. rebutan (dadi pasulayan) = rebut biyada (biyada = batur wadon ing kraton, wong wadon kang rewang ing panggonane wong duwe gawe)
41. serik, nesu = lara ati, runtik atine
42. susah = prihatin
43. seneng (tumrap bocah enom) = sir, sengsem, kasmaran (naksir, cinta)
44. sengit = ora seneng, ora karep (lagi sengit = lagi ora karep)
45. turu = ngaso

Suwandi

Naskah diambil dari “Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa” karangan Drs. Haryana Harjawiyana, S.U. dan Drs. Th. Supriya, tahun 2001, penerbit: Kanisius Yogyakarta.




Artikel Lainnya :



Bale Inap Bale Dokumentasi Bale Karya Bale Rupa Yogyakarta