Macapat Malem Rebo Pon 109
Tentang Dasanama

Tembang macapatan yang diadakan rutin saban Malem Rebo Pon (35 hari sekali) di pendapa Yudonegaran Rumah Budaya Tembi, jalan Parangtritis Km 8,4, Dusun Tembi, Sewon Bantul, pada tanggal 8 Mei 2012 lalu telah memasuki putaran yang ke-109.

Seperti biasanya, sebelum acara macapat dimulai, dikumandangkan beberapa gending Jawa, yang kali ini dibawakan oleh grup karawitan Timbul Budaya dari Timbulharjo, Sewon Bantul pimpinan bapak Sudiyanto, serta disemarakan dua pesinden yaitu ibu Jumi dan Ibu Legi. Ditandai dengan berkumandangnya gending Sri Widodo, yang adalah merupakan doa permohonan agar seluruh rangkaian acara dan para penggemar macapat yang hadir, senantiasa mendapatkan widodo keselamatan, acara macapatan pun dimulai.

Bapak Ign. Wahono sebagai pemandu membuka acara dengan mengucapkan sukur kepada Tuhan Yang Maha Esa dan mengucapkan selamat datang kepada para pecinta macapat.

Tentang Dasanama
Karawitan Timbul Budaya

Ada sekitar 55 pandemen --termasuk grup karawitan Timbul Budaya-- yang hadir dan ikut menyemarakkan acara macapatan Malam Rebo Pon putaran ke-109 beberapa hari lalu. Diawali dengan kidung cecala Senjatane Pangastuti, satu persatu pecinta tembang macapat pun maju di meja yang telah disediakan untuk menembangkan tembang-tembang yang telah disusun dalam buku panduan.

Materi tembang untuk kali ini terdiri dari :

  1. Tembang cecala (pembuka) 2 ‘pada’ tembang Dandhanggula

  2. Dhasar Aurip karangan Ki Bodronoyo 11 ‘pada’ tembang Dhandhanggula

  3. Serat Centhini karipta dening KGPAA Amangkunagara III, Pupuh 249, 27 ‘pada’ tembang Asmaradana dan Pupuh 250, 3 ‘pada’ tembang Dhandhanggula

Di dalam Pupuh 249 ini, isi tembang membeberkan tentang ‘dasanama’ (nama lain) dari beberapa nama yang ada disekitar kita seperti misalnya pada tembang:

Asmaradana

23. Namaning tanah winarni
mandhala pradesa lawan
ani wana De namane
nagari nagara praja
rajaddhi pura kutha
radya rarjya raja pan wus
Gantya namaning kang jagad

24. Rat-maramoredya tuwin
rat kotama rat pramawa
rat paramoditaya-ne
pramotama pramosita
myang pramoso
rat-kartyawan malihipun
pramodita prarosesa

25. Rat-wiryawan lawan malih
pramosudha jagad-raya
Namaning enggen jinentreh
loka pana syangsa unggyan
swana sana astana
Namaning bumi winuwus
buhwahananda buwana

26. Bumi mandha ngandha bumi
ngandha buhwana mandhala
bumi mandhala kismane
trimandha laya buwana
tri bawana bantala
pratala gantya winuwus
namaning kang madyapada

Nama lain dari tanah ialah: mandhala, pradesa, ani dan wana
Nama lain dari nagari ialah: nagara, praja, rajaddhi, pura, kutha, radya, rarya, dan raja.
Nama lain dari jagad ialah : rat, maramoredya, rat kotama, rat pramawa, rat paramoditaya, pramotama, pramosita, pramoso, rat kartyawan, pramodita, prarosesa, rat wiryawan, pramosudha, dan jagad raya.
Nama lain dari enggen (tempat) ialah: loka, pana, syangsa, unggyan, swna, sana, astana.
Nama lain dari bumi ialah: buhwahananda, buwana, bumi mandha, bumi ngandha, buhwana, bumi mandhala, kisma, trimandha, laya buwana, tri bawana, bantala, pratala.

Tentang Dasanama
Dua Pesindhen

27. Aripada marapati
amradata swamanusa
lawan amartyapada-ne
narapada janmapada
manungsa pada lawan
sajapada jangkepipun
madyapada mangkya medhar

28. Namaning delahan nenggih
martaloka janaloka
muksapada tri lokane
lokabawana narahyang
amaraloka lawan
nirayapada puniku
martyaloka swarapada

29. Namaning omah winarni
rangka rangkang rangkal nasa
yasa suyasa wismane
swawisma suwisma graha
panti bale wangunan
Namaning surta winuwus
srengenge arka raditya

30. Baskara aruna rawi
suwandagni diwangkara
kalandaragni hera-ne
dinakara andakara
matahari radeya
Namaning wulan winuwus
rembulan tanggal basanta

dari beberapa ‘pada’ tembang yang telah ditembangkan malam itu, pecinta macapat dapat memetik buah pengetahuan dari tembang Dasaring Aurip dan Serat Centhini kemungkinan masih berguna dan digunakan di jaman ini.

Dengan berkumandangnya gendhing perpisahan, acara Macapatan Malam Rebo Pon pun di tutup.

‘Pramiyarsa, sugeng pepisahan kang agung pamuji’....

(foto dan tulisan: herjaka)

Tentang Dasanama
Peserta dari Purworejo

Lampiran tembang
Dhasar Aurip
Karipta dening Ki Bodronoyo

Dhandhanggula

1. Lamun ngudi sampurnaning urip
anindakna myang lampah sedasa
sabar-mulad tumindake
eling waspada kudu
klawan pasrah sumeleh galih
sumendhe Gusti Allah
urip begja tuhu
begja mulya aneng donya
jroning brayan ngudi sampurnaning urip
begja donya-akherat

2. Umpamakna mring asta kekalih
lamun jenthik kawiwitan sabar
nuli mulat memanise
lah jenthik manis iku
karya mulat bagusing ati
papan pinacak sotya
hanambahi mungguh
nulya eling mring Pangeran
yeku mapan ing panunggul tengah driji
wus tan ana kang padha

3. Dene jenthik kang aran panuding
yekti papan nedahken waspada
kang tinuding apa wae
den waspadakken lamun
samubarang kang wus cumawis
lamun dadya pilihan
Gusti sung pituduh
mung pasrah kersaning Allah
bakal begja mulya kang badhe pinanggih
yekti gesang jempolan

4. Sampun pasrah mung sumangga Gusti
ugi pasrah myang lir samubarang
wus mesthi jempol tugase
dene lamun pinuwun
maring Gusti murbeng dumadi
kedah wening galihnya
sumeleh trus nyuwun
kang dadya lantaran gesang
sampurnane sumendhe kwasaning Gusti
samangkya begja mulya

5. Sampurnane urip kang sejati
lamun tuntas mring lampah sedasa
kudu sabar tumindake
lan awya grusa-grusu
den waspada lan mulat eling
nulya pasrah sumarah
sumeleh tyasipun
sumendhe karsaning Allah
apa kang kinersakaken bakal dumadi
begja mulya gesangnya

6. Mungguh dayane asta kekalih
kang minangka lambang persatuan
gotong-royong tandang gawe
dene ta tugasipun
wus kinodrat sawiji-wiji
asta tengen sumangga
nedahken nenuntun
nengenaken kautaman
unggah-ungguh pasrawungan mring sesami
kukuh rosa yen ngasta

7. Lamun asta kang kiwa nedahi
pakaryan kang asring dipun jamah
ing pekiwan pakaryane
tan pantes anenuntun
lan peparing marang sesami
lamun ngglawat tan kuwat
salaman tan purun
ugi nampi peparingan
wus tan sopan tan ngajeni kang peparing
tangan kiwa tan kwawa

8. Tangan tengen tangan kiwa nampi
lan nyenyadhong kekalihnya mlumah
pan manunggal kekalihe
lamun kekalihipun
sesarengan karya makarti
santosa lan kuwawa
kuwat anjejunjung
bisa hangentasi karya
pakaryan geng ugi pakaryan kang alit
rosa-sentosa tuntas

9. Lah mangkana wedharing penggalih
pangertosan myang asta kalihnya
driji sepuluh maknane
kinarya asesuluh
pakartine janma puniki
kanthi sepuluh lampah
sedaya ginayuh
ngudi sampurnaning gesang
wiwit jenthik manis penunggul penuding
sampurnane jempolan

10. Lamun tangkepe asta kekalih
lan kalihnya wus keplok ing asta
jumbuh lair lan batine
madhep mantep tyasipun
kanthi wening sajroning galih
manembah mring Pangeran
cinaket Hyang Agung
tumanjem asta ing jaja
hangeningken cipta rasa trus manunggil
manembah maring Allah

11. Pan antuk kawelasaning Gusti
begja mulya peparinging Allah
tan kirang samubarange
merdika gesangipun
nulya sukur maring sesami
mangpangat mring sesama
bangsa lan nagri gung
tansah manyembah mring Allah
kadya manunggaling kawula lan Gusti
lah gesang kang sampurna

Puluhan 2010




Artikel Lainnya :



Bale Inap Bale Dokumentasi Bale Karya Bale Rupa Yogyakarta