Tembi

Berita-budaya»PASINAON BASA JAWA KAPING RONG ATUS PITU LIKUR

27 Apr 2012 10:09:00

Pasinaon Basa Jawa

PASINAON BASA JAWA KAPING RONG ATUS PITU LIKUR
EDHISI: 27 APRIL 2012

1. WARTA

Wayahe Padha Ujian Nasional

Wayahe Padha Ujian Nasional

Saben sasi April-Mei, bocah-bocah sekolah kang ana ing klas 6 SD, 3 SMP, lan 3 SMA padha ngadhepi ujian nasional. Kawiwitan saka bocah SMA klas 3, wis kelakon ing minggu wingi. Dibacutake bocah-bocah klas 3 SMP ing minggu iki. Dene kang pungkasan sesuk bocah-bocah SD klas 6. Ujian Nasional iku, kanggone bocah-bocah sekolah saiki, minangka ujian kang paling abot, amarga nemtokake dhewe ing sekolah sabanjure. Yen bijine UN elek, ateges ora bisa nerusake menyang sekolahan apik. Dene yen bijine apik, bisa menyang sekolahan apik lan negri.

Mula kanggone bocah-bocah sekolah, sing diwedeni dhewe yaiku anane UN. Kabeh cara katindakake kanggo bisa lulus lan entuk biji apik. Pancen sebageyan gedhe siswa padha nindakake cara-cara sing apik, kayata padha les tambahan, ndonga bebarengan, sinau bareng, “bimbingan belajar”, “try out” lan liya-liyane. Nanging uga akeh siswa sing padha nindakake cara-cara ala, kayata golek bocoran, kepekan, turunan, lan sapiturute. Kabeh siswa wis nganggep yen mati uripe dheweke sekolah iku gumantung saka lulus lan bijine UN. Mula kanggo nggayuh supaya kasil anggone nindakake UN, akeh cara ala katindakake siswa, kang iku sejatine congkrah karo panjangkane pamulangan.

Bocah sekolah saiki wis akeh kang keracunan biji. Biji dianggep sakabehe. Kamangka pangangkahe bocah sekolah iku sejatine ora mung biji apik. Biji apik iku sejatine mung akibat saka sinau kang mempeng. Bocah sekolah digulawenthah ing pamulangan iku, saliyane supaya pinter, kudune nduweni budi pakarti kang pinunjul, lan bisaa nduweni kewasisan ing pakaryan. Dadi biji iku mung sawijine “unsur” wae. Nanging sanyatane, saiki biji wis dianggep kang wigati dhewe. Apa maneh bab mau uga disengkuyung dening pamarentah. Salahe sapa saiki?

2. WAWAN REMBUG

Ngadhepi Ujian Nasional taun 2012 iki, akeh bocah sekolah kususe klas 3 SMP lan 3 SMA padha ribut nyiapake ujian. Sing temen-temen mesthi wae kanthi nyiapake sinau tumemen. Dene sing kepengin golek dalan pintas, racake padha golek bocoran kunci jawaban. Wis mratah katindakake dening bocah sekolah saiki. Kekarone kepengin supaya neng UN bisa lulus lan entuk biji apik. Kaya siswa-siswa sawijining SMA aran Sabar lan Konyil, kang lagi ditakoni dening Pak Mulya (katelune jeneng sesinglon) kang lagi padha jagongan ing ngarep pasar Klithikan. Pacelathon katelune kaya ing ngisor iki.

Pak Mulya Saiki wis arep Ujian Nasional, apawispadha siap?
Sabar Kula .......... siap Pak. Sabendintensinau kaliyan kanca sanes, tumut les tambahan ugi.
Pak Mulya Apik kuwi, saben .......... wis gelem sinau, supayane bijine apik lan lulus. Lha kowe dhewe piye Nyil?
Konyil Ha yen kula, kuladamel gampilkok Pak!
Pak Mulya Kok di........... ............ kepriye?
Konyil Gih usaha. Sekedhik-sekedhik gih sinau. Nanging sok boten saged konsentrasi. Mila pados carasanes?
Pak Mulya Golek cara ............ kepriye?
Konyil Maksud kula menika pados bocoran soal jawaban Pak!
Pak Mulya Ooh dadi ngono kuwi usahane ya Nyil?
Konyil Ha menika sampun limrah katindakaken dening para siswa ing jaman samenika Pak.
Pak Mulya Iya bener. Nanging iku cara singala, mulane aja kotindakake ya!
Konyil Ooh dados cara ingkang ........... ta Pak. Gih menawi mekaten boten badhe kula tindakaken.
Pak Mulya Biji apik ora iku, yen awake dhewe gelem usaha mesthi bijine apik. Apa maneh sinartan ndedonga marang Gusti Allah.
Konyil Gih Pak, kula estokaken.

Pak Mulya, Sabar, lan Konyil banjur nerusake anggone wedangan ing warung angkringan ing Pasar Klithikan. Kaya ing pasinaon sadurunge, para netter utawa para maos kasuwun kersa ngisi ukara sing durung rampung. Tembung-tembung sing kacithak kandel minangka pancingan kanggo ngisi. Sugeng ngisi!

Undha-usuking tembung ngoko – krama kaya sing digunakake ing dhuwur.

Tembung Ngoko Krama Krama Inggil
ala awon -
dina dinten -
gampang gampil -
gawe damel ngasta
liya sanes -
wis sampun -

3. MANGSULI PITAKONAN

  1. Ing sasi April-Mei bocah sekolah padha ngadhepi apa?
  2. Apa kang katindakake bocah kanggo ngadhepi bab kasebut?
  3. Apa bocah sekolah iku sing wigati mung golek biji utawa ana liyane?

TERJEMAHAN BAHASA INDONESIA
PELAJARAN BAHASA JAWA
KE DUA RATUS DUA PULUH TUJUH
EDISI: 27 APRIL 2012

1. BERITA

Saatnya Ujian Nasional

Setiap bulan April-Mei, para pelajar yang duduk di kelas 6 SD, 3 SMP, dan 3 SMA siap menghadapi ujian nasional. Dimulai dari pelajar SMA klas 3, yang sudah terlaksana pada minggu lalu. Dilanjutkan para pelajar kelas 3 SMP di minggu ini. Terakhir para pelajar SD kelas 6. Ujian Nasional itu bagi para pelajar sekarang, dianggap sebagai ujian terberat, karena menentukan mereka pada jenjang sekolah berikutnya. Jika nilai UN jelek, berarti tidak bisa melanjutkan ke sekolah favorit. Jika nilainya bagus, tentu dapat melanjutkan ke sekolah favorit dan negeri.

Bagi para pelajar, yang paling ditakuti adalah kegiatan UN. Segala cara dilakukan agar dapat lulus dan mendapat nilai bagus. Memang sebagian besar pelajar melakukan berbagai cara yang baik, seperti les tambahan, doa bersama, belajar bersama, bimbingan belajar, try out dan sebagainya. Tetapi juga banyak siswa yang melakukan perbuatan cara-cara curang, seperti mencari bocoran, kepekan, sontekan, dan sebagainya. Mayoritas pelajar sudah menganggap bahwa hidup matinya bersekolah tergantung dari lulus dan nilai UN. Maka untuk meraihnya agar berhasil mengerjakan UN, banyak cara jelek dilakukan siswa, yang hal itu sebenarnya bertentangan dengan tujuan pendidikan.

Para pelajar sekarang sudah banyak yang teracuni nilai. Nilai dianggap segala-galanya. Padahal tujuan pelajar bersekolah itu sebenarnya bukan mencari nilai bagus. Nilai bagus itu sebenarnya hanya dampak dari rajin belajar. Para siswa dididik di sekolah itu, selain agar pandai otaknya, seharusnya juga memiliki budi pekerti yang unggul, dan diharapkan dapat memiliki ketrampilan yang cakap. Jadi nilai itu hanya salah satu unsur saja dalam pendidikan. Tetapi kenyataannya, sekarang nilai sudah dianggap segalanya dan paling penting. Apalagi hal itu juga didukung oleh pemerintah. Sekarang itu salah siapa?

2. DIALOG

Menghadapi Ujian Nasional tahun 2012 ini, banyak pelajar khususnya kelas 3 SMP dan 3 SMA bersiap-siap menyiapkan ujian. Yang rajin tentu akan belajar dengan tekun. Sementara yang ingin mencari jalan pintas, umumnya mencari bocoran kunci jawaban. Sudah jamak dilakukan oleh siswa sekolah sekarang. Keduanya ingin agar dalam UN bisa lulus dan dapat nilai bagus. Seperti siswa-siswa salah satu SMA bernama Sabar dan Konyil, yang sedang ditanya oleh Pak Mulya (ketiganya nama samaran) yang sedang ngobrol di depan Pasar Klithikan. Dialog ketiganya seperti di bawah ini.

Pak Mulya Sekarang akan menghadapi Ujian Nasional, apakah semuasudahsiap?
Sabar Saya .......... siap Pak. Setiapharibelajar dengan teman lain, juga ikut les tambahan.
Pak Mulya Bagus itu, setiap .......... sudah mau belajar, agar nilainya bagus dan dapat lulus. Lha kamu sendiri bagaimana Nyil?
Konyil Ha kalau saya, sayabuat mudahkok Pak!
Pak Mulya Kok di........... ............ bagaimana?
Konyil Ya usaha. Sedikit-sedikit ya belajar. Tetapi kadang tidak bisa konsentrasi. Maka cari caralain?
Pak Mulya Cari cara ............ bagaimana?
Konyil Maksud saya itu cari bocoran soal jawaban Pak!
Pak Mulya Ooh jadi begitu to usahamu Nyil?
Konyil Ha itu sudah umum dilakukan oleh pelajar di zaman sekarang Pak.
Pak Mulya Iya benar. Tetapi itu cara yangcurang, makanya jangan kau lakukan ya!
Konyil Ooh jadi cara yang ........... to Pak. Ya kalau begitu tidak akan saya lakukan.
Pak Mulya Nilai bagus atau tidak itu, tergantung kita. Kalau kita mau usaha tentu nilainya bagus. Apalagi disertai berdoa kepada Tuhan.
Konyil Ya Pak, saya laksanakan.

Pak Mulya, Sabar, dan Konyil lalu meneruskan minum di warung angkringan di Pasar Klithikan. Seperti pada pembelajaran sebelumnya, para netter atau pembaca diminta untuk berkenan mengisi kalimat yang belum selesai. Kata-kata tercetak tebal sebagai pancingan untuk mengisi. Selamat mengisi!

Tembung Ngoko Krama Krama Inggil Indonesia
ala awon - jelek, curang
dina dinten - hari
gampang gampil - mudah
gawe damel ngasta buat
liya sanes - lain
wis sampun - sudah

3. MENJAWAB PERTANYAAN

  1. Pada bulan April-Mei para pelajar sedang menghadapi apa?
  2. Apakah yang dilakukan para pelajar untuk menghadapi hal tersebut?
  3. Bagi pelajar yang terpenting sekolah itu mencari nilai atau lainnya?

Naskah : Suwandi
Ilustrasi : Sartono




Artikel Lainnya :



Bale Inap Bale Dokumentasi Bale Karya Bale Rupa Yogyakarta