EROPA KENA BARAT SALJU

EROPA KENA BARAT SALJUWis pirang-pirang dina ana pawarta yen ing sakukupan tlatah Eropa padha kena barat salju kang nggegirisi. Barat salju utawa kerep disebut badai salju kasebut nerak pirang-pirang negara, wiwit saka Rusia, Bulgaria, Bosnia, Rumania, Swis, Slowakia, lan liya-liyane ing kutub lor. Barat salju kasebut nganti bisa ndadekake kali-kali padha dadi es amarga saking anyepe. Hawa ing tengah wengi suhune bisa ngancik -25◦ C, malah bisa luwih cendhek maneh. Mula ora mokal, kanthi adheme hawa kang ora umum kasebut, akeh tinemu wong padha tiwas ing pirang-pirang negara kasebut. Wong sing mati amarga kadhemen, yen digunggung wis luwih saka rong atus wong. Racake sing padha mati yaiku para glandhangan kang pancen ora duwe omah. Dheweke ana sing mati ing ngisor kreteg, omah kothong, ing petamanan, lan liya-liyane.

Udan salju pancen meh saben taun dialami dening negara-negara kutub. Nanging yen barat salju durung mesthi saben taun ana. Kanthi anane barat salju iki, mesthi wae akeh gawe kuwatire warga Eropa. Akeh kegiyatan yang wurung bisa kaleksanan, amarga transportasi padha cures. Montor mabur ora bisa mabur amarga pedhut kang kandel. Bandharane uga dikebaki salju. Yen dibacutake malah bisa dadi cilakane sing padha numpak. Semono uga sepur, bus, lan kapal, padha ora bisa mlaku amarga banyu kali, laut, lan dalane kebak es. Akeh wong padha murungake anggone padha lelungan. Bisane mung padha neng omah sinambi ngangetake awak ben ora katisen.

Ana sing ngandhakake yen sejatine anane barat salju ing dhaerah kutub iki amarga saka owahe iklim. Anane “pemanasan global” dianggep dadi jalarane. Bab kasebut uga dumadi ing tlatah tropis, kaya dene Indonesia lan Brasil. Ing negara-negara tropis, yen awan, panase bisa ngluwihi suhu umume. Yen wis ngono, banjur akeh muncul penyakit-penyakit. Mula, supayane pemanasan global ora tansaya nguwatirake, perlu tumindak saka kabeh negara kanggo nyegah kang luwih parah. Supaya ing negara-negara kutub ora tansaya kereb dumadi barat salju, semono uga ing tlatah tropis, yen awan panase ora panas banget.

Berita

EROPA DILANDA BADAI SALJU

Sudah beberapa hari ini ada berita bahwa di wilayah Eropa dilanda badai salju yang sangat ekstrim. Badai salju tersebut menerjang berbagai wilayah, mulai dari Rusia, Bulgaria, Bosnia, Rumania, Swis, Slowakia, dan negara-negara lainnya yang berada di kutub utara. Badai salju tersebut mengakibatkan sungai-sungai membeku karena begitu dinginnya. Suhu udara di tengah malam bisa mencapai -25◦ C, bahkan bisa lebih rendah lagi. Maka tidak mustahil, adanya udara dingin yang sangat ekstrim itu membuat banyak orang tewas di berbagai negara tersebut. Banyak orang tewas karena kedinginan. Bahkan jika ditotal sudah lebih dari 200 jiwa. Umumnya yang meninggal adalah para gelandangan yang memang tuna wisma. Mereka ada yang tewas di bawah jembatan, rumah kosong, di pertamanan, dan tempat lainnya.

Hujan salju memang hampir setiap tahun dialami oleh negara-negara kutub. Tetapi badai salju belum tentu setiap tahun terjadi. Dengan adanya badai salju ini, tentu saja sangat membuat khawatir warga di Eropa. Banyak kegiatan batal gara-gara transportasi macet. Pesawat tidak bisa terbang karena kabut tebal. Bandara dipenuhi salju. Jika diteruskan justru bisa membuat celaka bagi penumpangnya. Demikian pula bagi transportasi kereta api, bus, dan kapal, tidak bisa jalan karena air sungai, laut, membeku dan jalan dipenuhi es. Banyak orang membatalkan bepergian. Mereka hanya bisa tinggal di rumah sambil menghangatkan badan agar tidak kedinginan.

Ada yang mengatakan jika sebenarnya adanya badai salju di daerah kutub itu karena adanya perubahan iklim. Adanya pemanasan global itu dianggap sebagai penyebabnya. Hal itu ternyata juga terjadi di daerah tropis, seperti Indonesia dan Brasil. Di negara-negara tropis, pada siang hari, suhu panas bisa melebihi suhu normal. Kalau sudah demikian, banyak bermunculan penyakit. Maka, agar pemanasan global tidak semakin mengkhawatirkan, perlu tindakan dari semua negara agar tidak lebih parah lagi. Agar di negara-negara kutub tidak semakin terjadi badai salju, demikian pula di darah tropis, jika siang tidak terlalu panas.

Teks oleh : Suwandi
Ilustrasi oleh : Sartono





Artikel Lainnya :



Bale Inap Bale Dokumentasi Bale Karya Bale Rupa Yogyakarta