1. Basa Ngoko Sinerat (Panalaranipun Radi Katingal Runtut)

Dhisiplin Sejati

Kanggo mbangun watak lan tumindak utama, mbutuhaké dhisiplin mental, yaiku dhisiplin kang sumbêré saka ing têlênging ati, ing péranganing jiwa kang jêro dhéwé. Ing kono tinêmu “osiking ati” kang sok diarani hati nurani utawa insan kamil. Wong Jêrman njênêngi das Gewissen, yaiku swara ing sajroning ati kang tansah ngosikaké, sadurungé manungsa tumindak apa waé. Yèn ana wong arêp nindakaké dhisiplin, osiking ati nywara: “Ya, tindakna, iku prayoga bangêt!” Nanging manawa wong iku arêp nêrak dhisiplin, osiking ati nguwuh-uwuh: “Aja, aja, iku ora bêcik!”

Dhisiplin kang sêjati ya dumunung ana ing “osiking ati” iki. Yèn arêp mbangun dhisiplin mental, carané kudu tansah marsudi kukuh lan kuwaté osiking ati iki. Déné carané kang wigati ana warna loro, yaiku:

  1. Tansah éling marang firman utawa sabda Dalêm Gusti Allah, kang dhawuh supaya padha duwé ati suci lan tumindak utama.
  2. Tansah waspada marang panggodhaning roh ala utawa sétan iblis, aja nganti nuruti angkara murka, tumindak nistha nganti tumiba ing dosa.

Yèn rong prakara iku tansah dirêgêm, osiking ati bakal kukuh, kuwat lan santosa. Yèn samangsa-mangsa manungsa katêmpuh ing panggodha kang awujud drajat, pangkat, sêmat, rupa ayu utawa bagus, osiking ati mêsthi nguwuh-uwuh sora ngajak tumindak kang suci, utama, miturut dalan kang bênêr.

Kapêthik saka “Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa” kaca 37-38 (lampiran), anggitané Drs. Haryana Harjawiyana, S.U lan Drs. Th. Supriya, wêton Penerbit Kanisius Yogyakarta taun 2001.

TERJEMAHAN BAHASA INDONESIA
PELAJARAN BAHASA JAWA
KE DUA RATUS DUA PULUH LIMA
EDISI KHUSUS: 30 MARET 2012

2. Bahasa Ngoko Tulis (Daya Nalarnya Lebih Terlihat Runtut)

Disiplin Sejati

Untuk membangun watak dan perilaku utama, membutuhkan disiplin mental, yaitu disiplin yang bersumber pada hati nurani, bagian jiwa yang paling dalam. Di situ ditemukan “gejolak hati” yang sering disebut hati nurani atau insan kamil. Orang Jerman menyebutnya das Gewissen, yaitu suara di dalam hati yang selalu bergejolak, sebelum manusia bertindak apa saja. Jika ada orang akan berbuat disiplin, hati nurani berkata: “Ya, lakukan, itu sangat baik!” Tetapi jika manusia itu hendak melanggar disiplin, hati nurani melarang: “Jangan, jangan, itu tidak baik!”

Disiplin yang sejati itu terletak di “gejolak hati (hati nurani)” ini. Jika hendak membangun disiplin mental, caranya harus selalu melatih kekokohan dan kekuatan hati nurani ini. Sementara cara yang penting ada dua, yaitu:

  1. Selalu ingat kepada firman atau perintah Allah, yang memerintahkan supaya semua memiliki hati suci dan perbuatan utama.
  2. Selalu waspada terhadap segala godaan roh jahat atau setan iblis, jangan sampai menuruti angkara murka, berbuat hina hingga jatuh dalam perbuatan dosa.

Jika dua perkara tadi selalu dipegang, gejolak hati akan terus kokoh, kuat dan sentosa. Jika sewaktu-waktu manusia mengalami godaan berupa derajat, pangkat, kenikmatan, kecantikan atau ketampanan, hati nurani tentu menolak keras dan sebaliknya terus akan mengajak untuk berbuat suci, utama, sesuai dengan jalan yang benar.

Sumber dari “Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa” halaman 37-38 (lampiran), karya Drs. Haryana Harjawiyana, S.U dan Drs. Th. Supriya, diterbitkan oleh Penerbit Kanisius Yogyakarta tahun 2001.

Suwandi




Artikel Lainnya :



Bale Inap Bale Dokumentasi Bale Karya Bale Rupa Yogyakarta