Tembi

Berita-budaya»AWAS TEROR BOM!

29 Apr 2011 08:48:00

AWAS TEROR BOM!Wis rong minggu luwih, teror bom gawe ribute maneh masarakat Indonesia, khususe ing wilayah Jakarta lan sakiwa tengene. Ing pirang-pirang papan ing Jakarta katemokake maneh bom, sing awujud bom buku, bom paket, utawa bom rangsel. Sebageyan bom buku neror warga masarakat sing ora ngerti apa-apa. Bom kasebut dilebokake ing jerone buku. Nalika wong sing entuk buku kiriman sing ora cetha alamate, adate banjur padha mbukak paket kasebut lan sabanjure njeblug. Sebageyan maneh bom buku sing ditangani pulisi malah sempat mbledhos lan ngenani pulisi dhewe. Dene sebageyan masarakat sing entuk kiriman buku lan rumangsa jubriya, enggal banjur nglapurake marang pulisi.

Malah bom awak uga sempat mbledhos ing masjid Mapolresta Cirebon, rikala dina Jumat, 15 April 2011 kepungkur. Bom kang ditemplekake ing awak kasebut, mbledhos nalika sholat Jumatan ing masjid arep kawiwitan. Saka sumber pawarta sawetara ngandhakake yen sing mbledhosake bom kasebut jenenge Muhammad Syarif. Dheweke sing pancen nggawa bom lan nindakake bom bunuh diri (nglalu). Sukur wae, ing kedadeyan bom bunuh diri kasebut, sing dadi kurban tewas mung siji, ya sing nggawa lan mbledhosake bom. Dene kurban liyane, kurang luwih 25 wong kang racake pulisi, mung nandang tatu abot lan entheng. Salah sijine kurban saka pulisi kang nandang tatu abot yaiku Kapolresta dhewe yaiku AKBP Herukaca.

Teror bom durung rampung. Ngarepake Paskah dina Jumat, 22 April 2011 kepungkur uga ditemokake bom ing selokan sacedhake greja ing wilayah Tangerang, Banten. Begjane wae, bom kang cacahe nganti limang tas kanthi bobot kurang luwih 150 kg kasebut bisa ditemokake pulisi sedina sadurunge Paskah lan bisa diamanke. Dadine, nalika riyaya Paskah, wis aman, ora ana kedadeyan sing nguwatirake. Mula saka iku, masarakat dijaluk tetep waspada lan nyubriyani sapa wae wong sing tumindake nganeh-anehi. Amarga negara sing lagi kakehan masalah kaya ing wektu saiki iki, mesthi akeh dimanfaatake dening wong-wong sing kepengin njongkengake kawibawane pamarintah, klebu aliran-aliran keras.




Artikel Lainnya :



Bale Inap Bale Dokumentasi Bale Karya Bale Rupa Yogyakarta