PASINAON BASA JAWA KAPING RONG ATUS TELUNG PULUH SANGA EDHISI MIRUNGGAN: 16 NOVEMBER 2012

Pigunanipun Basa Krama Alus

Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa, foto: Suwandi Tembi
Kamus Unggah-Ungguh Bahasa Jawa cocok untuk belajar mengenal bahasa krama

Wonten sawetawis pawicantenan ingkang ngangge basa Krama Alus, antawisipun inggih menika:

2. Kangge wicanten kaliyan tiyang ingkang statusipun langkung inggil. Manawi kaotipun kathah, yen nyebat dhirinipun piyambak mawi “adalem”, nanging menawi boten kathah limrahipun ugi mawi “kula”.

Terjemahan dalam bahasa Indonesia

Fungsi Bahasa Krama Alus

Ada beberapa dialog yang menggunakan tataran bahasa Krama Halus, di antaranya, yaitu:

2. Untuk dialog dengan orang yang mempunyai status atau derajat lebih tinggi. Apabila jaraknya terlalu jauh/banyak, biasanya untuk menyebut diri-sendiri menggunakan kata “adalem” (saya), tetapi apabila jarak/selisih tidak banyak, umumnya menggunakan kata “kula” (saya).

Tuladhanipun
Cariyosipun, Ayu siswa SMU saged kasil kalebet ing UMPTN, nanging ingkang pilihan kaping kalih, inggih menika Jurusan Sastra Nusantara (Basa Jawi). Manahipun mangu-mangu, lajeng sowan Pak Rasa Guru BP (Bimbingan Penyuluhan) wonten ing griyanipun. Pak Rasa sampun radi sepuh, mila Ayu matur mawi basa krama-alus, dene Pak Rasa migunakaken basa ngoko.

+ Ayu : “Kulanuwun, adalem marak Pak”.
- Pak Rasa : “O, Ayu, kadingaren sore-sore, kene-kene lungguh!”
+ Ayu : (Sasampunipun lungguh) “Nyuwun pangapunten marak wonten dalem”.
- Pak Rasa : “Ora apa-apa, rak ya padha slamet ta?”
+ Ayu : “Saking pangestunipun Bapak wilujeng, sakonduripun Bapak, Ibu saha ingkang putra Mbak Wening rak inggih sami sugeng?”
- Pak Rasa : “Iya, padha slamet kabeh. (Lajeng nyalami Ayu). Profisiat ya! Aku krungu kabar, jare Ayu katut UMPTN?”
+ Ayu : “Maturnuwun....inggih, nanging wonten Jurusan Sastra Nusantara, raosipun kirang mantep, awit sayektosipun adalem kepengin Jurusan Basa Inggris”.
- Pak Rasa : Padha wae, lha ngapa ta?”
+ Ayu : Wonten Ibu Guru ngandika, manawi saking Sastra Nusantara menika angel pados padamelan”.
- Pak Rasa : “Sapa sing kandha, gene Wening kae durung nganti diwisidha wis nyambutgawe, bayare ya ora sethithik”.
..................

(ana candhake)

Terjemahan:

Contoh
Ada cerita, Ayu siswa SMU bisa berhasil masuk UMPTN, tetapi pada pilihan kedua, yaitu Jurusan Sastra Nusantara (Bahasa Jawa). Hatinya ragu-ragu, lalu menghadap Pak Rasa Guru BP (Bimbingan Penyuluhan) di rumahnya. Pak Rasa sudah agak tua, makanya Ayu berkata dengan bahasa krama-halus, sementara Pak Rasa menjawab menggunakan bahasa ngoko.

+ Ayu : “Permisi, saya datang Pak”.
- Pak Rasa : “O, Ayu, tumben sore-sore, sini-sini duduk!”
+ Ayu : (Setelah duduk) “Maaf Pak datang ke rumah”.
- Pak Rasa : “Tidak apa-apa, baik-baik saja to?”
+ Ayu : “Berkat doa restu Bapak baik, sebaliknya Bapak, Ibu dan putra Bapak Mbak Wening juga baik-baik saja to?”
- Pak Rasa : “Iya, semua baik-baik saja. (Lalu menyalami Ayu). Selamat dan sukses ya! Aku dengar kabar, katanya Ayu lolos UMPTN?”
+ Ayu : “Terimakasih....benar, tetapi masuk di Jurusan Sastra Nusantara, rasanya kurang mantap, sebab sebenarnya saya ingin di Jurusan Bahasa Inggris”.
- Pak Rasa : Sama saja, lha kenapa to?”
+ Ayu : Ada Ibu Guru berkata, jika dari Sastra Nusantara itu sulit mendapat pekerjaan”.
- Pak Rasa : “Siapa yang mengatakan, nyatanya Wening itu belum sampai diwisuda sudah bekerja, bahkan gajinya tidak sedikit”.
..................

(bersambung)

Suwandi

Sumber diambil dari “Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa” karangan Drs. Haryana Harjawiyana, S.U. dan Drs. Th. Supriya, tahun 2001, penerbit: Kanisius Yogyakarta, hlm. 103-104.




Artikel Lainnya :



Bale Inap Bale Dokumentasi Bale Karya Bale Rupa Yogyakarta