Tembi

Berita-budaya»Reribet ing Pakualaman

11 May 2012 07:36:00

Pasinaon Basa Jawa

PASINAON BASA JAWA KAPING RONG ATUS WOLU LIKUR EDHISI: 11 MEI 2012

1. WARTA

Reribet ing Pakualaman

Reribet ing Pakualaman

Kraton Mataram wis nate sigar semangka nalika jaman isih durung mardika biyen. Nalika iku, Mataram sigar dadi loro, yaiku Kasunanan Surakarta Hadiningrat lan Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat. Kraton Mataram kasebut sigar dadi loro kanthi anane Perjanjen Giyanti ing tanggal 13 Pebruari 1755. Mesthi wae nalika iku, VOC uga melu cawe-cawe sigare kraton dadi loro. Wilayah separo dadi panguwasane Sunan Pakubuwana, dene sing separo panguwasane Pangeran Mangkubumi utawa katelah Sri Sultan Hamengkubuwana I. Iku sujarahe Mataram ing jaman biyen.

Ing jaman mardika, ontran-ontran ing bekase Kraton Mataram ing Surakarta utawa ing Ngayogyakarta ora surut, ateges tetep ana wae. Nalika Sunan Pakubuwana XII surud, ana rebutan panguwasa, antarane Gusti Behi lan Tejowulan. Kekarone ndhaku dadi paneruse PB XII, kanthi gelar PB XIII. Mung ing jaman kamardikan kasebut, pamarentah ora melu cawe-cawe amarga iku urusan intern kulawarga. Mula urusan kasebut ben dirampungake kanthi musawarah. Pancen sing nguwasani Kraton Kasunanan yaiku Gusti Behi. Nanging Gusti Tejowulan uga ndhaku PB XIII lan uga entuk panyengkuyung saka sawenehing sentana dalem.

Durung suwe, kedadeyan kang padha uga dialami dening Kadipaten Pura Pakualaman Ngayogyakarta. Pancen sawise surude Sri Paduka Paku Alam Kaping VIII, wis kapilih paneruse yaiku Sri Paduka Paku Alam Kaping IX. Nanging durung suwe iki, KPH Anglingkusuma, putra PA VIII liyane, uga dinobatake minangka Paku Alam IX dening sakelompok paguyuban adat. Mesthi wae kanthi anane kedadeyan kasebut, gawe horeging masarakat Ngayogyakarta. Sepisan maneh, pamarentah ora melu cawe-cawe, amarga iku urusan intern kulawarga. Muga-muga wae, kabeh mau bisa dirampungake kanthi musawarah lan ora nambahi masalah ing masarakat. Saru, yen nganti masarakat dhewe sing padha regejegan lan tawur.

2. WAWAN REMBUG

Durung suwe iki ana kabar, yen KPH Anglingkusuma uga dinobatake minangka Paku Alam IX dening sawijining kelompok adat. Mesthi wae kedadeyan kasebut gawe gegering masarakat Ngayogyakarta. Ana kang nanggepi entheng wae, nanging sebageyan nanggapi temenan. Klebu Mbah Jiya lan Pak Bekel (kekarone jeneng sesinglon) kang lagi wae ngobrol ing pinggiring galengan. Pacelathon kekarone kaya ing ngisor iki.

Mbah Jiya Isihkelingan srengenge kembar ing Sala ta Pak?
Pak Bekel Inggih Mbah, taksih ...........
Mbah Jiya Lho kok malahsaiki dumadi ing Ngayogyakarta ta?
Pak Bekel Ah mosok ........... ............ ing Ngayogyakarta?
Mbah Jiya Lho kepriye ta panjenengan kuwi. Apa ramaca pawarta koran pa?
Pak Bekel Wah dereng longgar .............. koran je Mbah. Wonten pundi menika?
Mbah Jiya Kuwi kedadeyan neng Pura Pakualaman.
Pak Bekel Menawi mekaten ateges ing Pura Pakualaman samenika gih wonten ......... kembar gih.
Mbah Jiya Ya ayake ngono, yen ana panguwasa kembar, ateges anasrengenge kembar. Ya muga-muga wae enggal bisa karampungake kanthi intern lan kakaluwargaan.
Pak Bekel Ha inggih leres Mbah, supados masarakat boten tambah bingung.

Mbah Jiya lan Pak Bekel nerusake anggone matun ing sawah. Kaya ing pasinaon sadurunge, para netter utawa para maos kasuwun kersa ngisi ukara sing durung rampung. Tembung-tembung sing kacithak kandel minangka pancingan kanggo ngisi. Sugeng ngisi!

Undha-usuking tembung ngoko – krama kaya sing digunakake ing dhuwur.

Tembung Ngoko Krama Krama Inggil
dumadi dumados -
kelingan kengetan -
maca maos -
saiki samenika -
srengenge surya -

3. MANGSULI PITAKONAN

  1. Durung suwe, ing kraton Surakarta ana srengenge kembar, ngendi kuwi?
  2. Saiki ing Ngayogyakarta uga ana srengenge kembar, ing ngendi kuwi?
  3. Kepriye tanggapane masarakat anane kedadeyan kasebut?

TERJEMAHAN BAHASA INDONESIA
PELAJARAN BAHASA JAWA
KE DUA RATUS DUA PULUH DELAPAN
EDISI: 11 MEI 2012

1. BERITA

Keributan di Pakualaman

Kraton Mataram pernah terbelah menjadi dua ketika zaman masih belum merdeka dulu. Ketika itu, Mataram terbagi menjadi dua, yaitu Kasunanan Surakarta Hadiningrat dan Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat. Kraton Mataram tersebut terbagi menjadi dua hasil dari Perjanjian Giyanti pada tanggal 13 Februari 1755. Tentu saja ketika itu, VOC ikut terlibat dalam pembagian kraton menjadi dua. Separo wilayah menjadi kekuasaan Sunan Pakubuwana, sementara separo lainnya menjadi kekuasaan Pangeran Mangkubumi atau terkenal dengan nama Sri Sultan Hamengkubuwana I. Itu sejarah Mataram pada zaman dulu.

Di zaman kemerdekaan, keributan di bekas Kraton Mataram di Surakarta atau di Yogyakarta tidak henti, artinya tetap ada. Ketika Sunan Pakubuwana XII wafat, ada perebutan kekuasaan, antara Gusti Behi dan Tejowulan. Keduanya mengklaim sebagai penerus PB XII, dengan gelar PB XIII. Hanya di zaman kemerdekaan sekarang, pemerintah tidak ikut campur tangan sebab itu dianggap urusan intern keluarga. Maka urusan tersebut biar diselesaikan secara musyawarah. Memang yang menguasai Kraton Kasunanan yaitu Gusti Behi. Tetapi Gusti Tejowulan juga mengklaim sebagai PB XIII dan juga mendapat dukungan dari sebagian kerabat kraton.

Belum lama, peristiwa serupa juga dialami oleh Kadipaten Pura Pakualaman Yogyakarta. Memang setelah wafatnya Sri Paduka Paku Alam VIII, sudah terpilih penerusnya, yaitu Sri Paduka Paku Alam IX. Tetapi belum lama ini, KPH Anglingkusuma, putra PA VIII yang lain, juga dinobatkan sebagai Paku Alam IX oleh sekelompok paguyuban adat. Tentu saja dengan adanya peristiwa itu, membuat geger masyarakat Yogyakarta. Sekali lagi, pemerintah tidak bisa campur tangan, sebab itu urusan intern keluarga. Semoga saja, semua itu bisa diselesaikan dengan musyawarah dan tidak menambah masalah di masyarakat. Tidak etis, jika sampai masyarakat sendiri yang ribut dan bentrok.

2. DIALOG

Belum lama ini ada berita, jika KPH Anglingkusuma juga dinobatkan sebagai Paku Alam IX oleh salah satu kelompok adat. Tentu saja peristiwa itu membuat ribut di masyarakat Yogyakarta. Ada yang menanggapi santai, tetapi ada yang menanggapi serius. Termasuk Mbah Jiya dan Pak Bekel (keduanya nama samaran) yang baru saja mengobrol di pinggir pematang sawah. Dialog keduanya seperti di bawah ini.

Mbah Jiya Masihingat matahari kembar di Solo kan Pak?
Pak Bekel Iya Mbah, masih ...........
Mbah Jiya Lho kok justrusekarang terjadi di Yogyakarta to?
Pak Bekel Ah masak ........... ............ di Yogyakarta?
Mbah Jiya Lho bagaimana to kamu itu. Apakah kamu tidakmembaca berita koran?
Pak Bekel Wah belum sempat .............. koran je Mbah. Terjadi di mana itu?
Mbah Jiya Itu terjadi di Pura Pakualaman.
Pak Bekel Kalau begitu di Pura Pakualaman sekarang ya ada......... kembar ya.
Mbah Jiya Ya bisa jadi, jika ada penguasa kembar, artinya adamatahari kembar. Ya mudah-mudahan saja segera bisa diselesaikan secara intern dan kekeluargaan.
Pak Bekel Iya benar Mbah, agar masyarakat tidak tambah bingung.

Mbah Jiya dan Pak Bekel meneruskan menyiangi di sawah. Seperti pada pembelajaran sebelumnya, para netter atau pembaca diminta untuk berkenan mengisi kalimat yang belum selesai. Kata-kata tercetak tebal sebagai pancingan untuk mengisi. Selamat mengisi!

Tingkatan tembung ngoko – krama seperti yang digunakan di atas.

Tembung Ngoko Krama Krama Inggil Indonesia
dumadi dumados - terjadi
kelingan kengetan - ingat
maca maos - membaca
saiki samenika - sekarang
srengenge surya - matahari

3. MENJAWAB PERTANYAAN

  1. Belum lama, di Kraton Surakarta ada matahari kembar, di manakah itu?
  2. Sekarang di Yogyakarta juga ada matahari kembar, di manakah itu?
  3. Bagaimana tanggapan masyarakat dengan adanya peristiwa tersebut?

Naskah : Suwandi
Ilustrasi : Sartono




Artikel Lainnya :



Bale Inap Bale Dokumentasi Bale Karya Bale Rupa Yogyakarta