Mangun Negara Bupati Bantul Pertama

Mangun Negara Bupati Bantul Pertama

Acara Macapat yang diadakan rutin di Tembi Rumah Budaya, pada 17 Juli 2012 ini memasuki putaran ke 112. Macapatan yang biasanya mengambil materi dari Kitab Centhini malam ini secara khusus menyajikan syair-syair tembang-tembang karya Ki Bodronoyo, yang berisi ‘rerepen’ atau kidungan untuk memperingati hari jadi Kabupaten Bantul yang ke 181, tepatnya pada 20 Juli 2012.

Mengeti Hari Jadi Kabupaten Bantul
karipta dening :Ki Bodronoyo
Dhandhanggula
1.Amengeti Bantul ‘Hari Jadi”
RIpunika samya den pahargya
JADI wujud kabupaten
DInten klairanipun
KAlih dasa ing wulan Juli
BUpati kang kawitan
PAnjenenganipun
Tumenggung Mangun Negara
ENggal mranata peprentahan sakawit
BANTUL dadya tulada

2.Bantul ngudi PROJO TAMANSARI
Amrih sagung warga urip mulya
Nuhoni becik karyane
Tanem tuwuh kang subur
Usahane maju lumintirLumantar trus makarya
Pakaryan kang luhur
Reh kaprajan tertib samya
Obah-osik warga tinata mranani
Jinaga tansah aman

3.Olah Raga mrih sehat jasmani
Tuwin rohani ugi siniram
Ayem dinulu uripe
Manunggal warga sagung
Amrih tentrem bebrayan sami
Ngudi mulyaning gesang
Sumendhe Hyang Agung
Ageng anggennya berjuang
Rakyat rukun gotong-royong mbangun nagri
Indonesia jaya

Mangun Negara Bupati Bantul Pertama

4.BANtul dadya bantalaning urip
TULadhaning janma kang utama
Ingkang becik martabate
BUdi pekerti luhur
KOndhang sagung Nuswantara di
TAberi kautaman
KAng tansah linuru
BUdaya budining janma
PAntes lamun den udi amrih lestari
TENan tinemu MULYA

Selain ‘rerepen’ memperingati hari jadi Kabupaten Bantul, Ki Bodronoyo juga menuliskan mengenai sejarah berdirinya Kabupaten Bantul, dalam bentuk sastra tembang macapat sebanyak 109 ‘pada’ atau bait atau alinea dengan perincian: tembang Dhandhanggula 20 pada, tembang Mijil 16 pada, tembang Sinom 23 pada, tembang Asmaradana 25 pada dan tembang Pangkur 25 pada. Seperti pada cuplikan dibawah ini:

13. Pembagian kasultanan nagri
duk jamane njeng Sultan ping gangsal
tinetepken kabupaten
wilayah iring kidul
Bantul Karang dipunwastani
dene ing sisih Wetan
Kalasan ranipun
sisih eler kawastanan
Kabupaten Denggung sak lering negari
lan ngangkat pra Bupatya

14. Ugi ngangkat pra pejabat Distrik
saking Sultan pinaringan pangkat
kepala Distrik arane
sarta gelar Tumenggung
iku pangkat ing aran Mantri
Bupati Bantul Karang
yeku Ki Tumenggung
ya Raden Mangun Negara
winisuda: kalih dasa wulan Juli
wolulas tiga stunggal (20 Juli 1831)

15. Wiwit iku peprentahan nagri
wus tinata Ki Mangun Negara
mlampah lengkap perangkate
dadya sejarah Bantul
saben tahun dipun pengeti
sagung rakyat semangat
mbangun brayatipun
semangat juang makantar
trus gumregah giyat makarya angudi
mrih makmuring nagara

Mangun Negara Bupati Bantul Pertama

16. Pasewakan agung den adani
Kanjeng Sultan sinuwun ping gangsal
Bupati nayaka kabeh
pra sentana tan kantun
samya lenggah madhep sang Aji
njeng Sultan pangandika
sun tetepken Bantul
dadya Kabupaten anyar
Rebo Kliwon tanggal kalih dasa Juli
sineksen pra nayaka

Materi tembang pada malam itu menjadi lengkap, tatkala Bapak Djoyo Sumarto, tokoh Macapat dari Kabupaten Bantul, yang juga perintis Macapatan di Tembi Rumah Budaya, memberikan karyanya yang dibuat pada tahun 1988 mengenai makna ‘Projo Tamansari’, yang adalah slogan utama Kabupaten Bantul. Projo Tamansari merupakan akronim dari kata: Produktif, Profesional, Ijo Royo-royo, Tertib, Aman, Sehat dan Asri, dengan penjabarannya dalam bentuk sastra tembang macapat sebagai berikut:

Tujuan lan maknaning Projo Tamansari
Karipta dening: Djoyo Sumarto

Sinom

  1. Rinonce sekar srinata, nenggih Projo Tamansari, mungguh tujuan werdinya, produktif profesionil, ijo royo-royo sri, tumata lamun dinulu, aman lingkungan gesang, sehat lahir lawan batin, asri tinon maweh sengseming wardaya

  2. Produktif professional, tujuan ingkang wigati, wit-wit jroning pekarangan, pinilih kang maweh kasil, kang tuhu migunani, cukup kanggo tembel butuh, jinis holtikultura (asil saka woh-wohan), uga jinis karang kitri, apa milih tetanduran perdagangan

  3. Lan jinis taneman keras, den atur ywa tumpang tindhih, manut kahananing lemah, mrih bisa kasil sayekti, arang karepe den tliti, den atur manut pituduh, jumbuh jinis tanduran, wit-witan kang tanpa kasil, aja ngeman prayogane dipun rombak

  4. Lamun ana pekarangan, wit-witan rungkut kepati, tanpa kasil tan tumata , katon angker werit wingit, yen dinulu nyepeti, lan ngganggu lingkungan hidup, kasarasan lingkungan, nuwuhaken sumber sesakit, mahanani nglelingsemi wajah desa

  5. Beda lamun pekarangan, tinanduran kang weh asil, ijo royo-royo nyata, tinata kalawan tertib, tinon resep mantesi, maweh sengsem yen dinulu, ngrasa aman jro nala, ayem tentrem lahir batin, kebutuhan kulawarga kecukupan

  6. Saking kasiling pomahan, kang satuhu mbanyu mili, gilir gumanti tan kendhat, woh-wohan mbiyet ngemohi, kalamun ana witempring, janji bisa nggone ngatur, tinandur papan kiwa, ingkang tebih saking margi, kang satemah mujudken sumber tambahan

  7. Lingkunag tertib tumata, njalari hawa sumilir, ngrasa aman kulawarga, sehat jasmani rohani, tentrem lahir lan batin, rinasa sakjroning kalbu, pikiran dadi padang, nambahi lantiping piker, datan wegah ngadhepi sabarang karya

  8. Wimbuh asri yen sinawang, plataran resik gumrining, tinanduran sesekaran, warna-warni tur mantesi, mbabar ganda mrik wangi, maweh reseping pandulu, program lingkungan gesang, kajagia mrih lestari, amimbuhi sarasing jiwa lan raga

  9. Senadyan latar mung rupak, den atur tinata asri, munggweng pot kang sasekaran, tan kedah kang regi awis, kang prasaja lan edi, tinata sajuru-juru, den jumbuhake swasana, pinerdi sinawang asri, anjalari kang mapan betah neng wisma

  10. Plataran kang sak perangan, nadyan mung kari sethithik, tinanduran jinis toga, angleluri jampi jawi, obat tradisional, tilarane para sepuh, sak mangsa kulawarga, greges-greges nandhang sakit, prasasat wus cumawis sagung usada

  11. Tumrap papan kang wus rupak, mung cumpen den degi panti, panandure jinis toga, darapon bisa kaudi, aneng pot luwih creki, waton bisa nggone ngatur, dene kang sebagean, warung hidup ingkang komplit, wimbuh asri nambahi cukuping brayat

  12. Jumbuh jaman pembangunan, mbangung jasmani rohani, manungsa sawetahnya, moril lan spiritual, tumrap pra kadang sami, tan kewran kudu anggayuh, mbangun lingkungan gesang, yeku Projo Taman Sari, wus nyengkuyung mring jantraning pembangunan

  13. Tujuan nyata piguna, wus wijang sawiji-wiji, yen binabar linakonan, tumrap pemetu mung sithik, bisa tambah nyukupi, manfaate papan ciut, kena den budidaya, kesarasan trus pinanggih, melu andil pembangunan tetep lancar

  14. Anjagi lingkungan gesang, murih tumata lestari, ing bidang pariwisata, wisatawan manca nagari, miwah ingkang domestic, ngrasa resep jroning kalbu, wimbuh kepranan krasan, nikmati swasana asri, dusun ngardi den ajab sadengah papan

  15. Nambah lapangan makarya, pawitan luwes lan trampil, nglipur mring pra wisatawan, manca nagri lan domestic, awya kagol ing ati, linipur lejar ing kalbu, endah edining swasana, kepranan nyawang pan asri, yekti Projo Taman Sari dadya srana

Mangun Negara Bupati Bantul Pertama

Sepanjang acara Macapat yang dimulai dari jam 20.00 sampai dengan jam 23.00 diselingi gendhing-gendhing Jawa, dari kelompok karawitan Mudha Laras, dusun Sana Kretek Bantul pimpinan Bapak Anto, pelatih Bapak Abu dan Waranggana Ibu Sukini

herjaka




Artikel Lainnya :



Bale Inap Bale Dokumentasi Bale Karya Bale Rupa Yogyakarta