PASINAON BASA JAWA KAPING RONG ATUS PAT LIKUR
EDHISI MIRUNGGAN: 16 MARET 2012

1. BASA NGOKO PAWICANTENAN (PACALATHON)/BASA LISAN

Arep Tilik Mbak Fatimah

Tini lagi maca kalawarti ing ngarepan, dumadakan krungu swara mak cekleg! Bareng ditiliki jebul Darman kanca saklas lagi nyetandarake pit. Tini enggal-enggal nyedhak banjur takon.

Tini “Lho Mas Darman, rak ora arep sinau bareng ta?”
Darman “Ora, mung arep ketemu Dhik Tini sedhela”.
Tini “Sajak ana perlu Mas, adoh-adoh tekan kene?”
Darman “Aku dikandhani Dhik Siti, adhine Mbak Fatimah, yen wingi sore Mbak Fatimah lara, banjur mau bengi mondhok ana ing Rumah Sakit Dhokter Sardjito”.
Tini “Wingi ana ing klas Mbak Fatimah pancen sambat, jare wetenge sok-sok lara. Nanging kok banjur cepet banget mlebu Rumah Sakit. Gek lara apa?”
Darman “Jare lara tipes, lan wis rada kasep”.
Tini “Wah, aku kepengin ndang tilik. Lha yen kowe kepriye Mas?”
Darman “Anggonku mrene iki ya marga arep ngajak tilik kok”.
Tini “Ya, daktrima banget. Wis kapan ... apa mengko sore wae?”
Darman “Cocog aku, nanging nunggang apa?”
Tini “Nunggang mobil kene wae, yen dina Minggu ngene iki Bapak libur”.
Darman “Banjur sing nglakokake sapa? Yen Bapakmu ora wae, aku rikuh!”
Tini “Mengko dhisik, daktakon Mas Tana”.

Kapethik saka “Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa” kaca 39 (lampiran), anggitane Drs. Haryana Harjawiyana, S.U lan Drs. Th. Supriya, weton Penerbit Kanisius Yogyakarta taun 2001.


TERJEMAHAN BAHASA INDONESIA
PELAJARAN BAHASA JAWA
KE DUA RATUS DUA PULUH EMPAT
EDISI KHUSUS: 16 MARET 2012

2. BAHASA NGOKO DIALOG/BAHASA LISAN

Hendak Bezuk Mbak Fatimah

Tini sedang membaca majalah di depan, tiba-tiba mendengar suara cekleg! Setelah ditengok ternyata Darman teman sekelas sedang menaruh sepeda. Tini segera mendekatinya lalu bertanya.

Tini “Lho Mas Darman, kan tidak akan belajar kelompok to?”
Darman “Tidak, hanya akan bertemu Dik Tini sebentar”.
Tini “Kelihatannya ada sesuatu yang penting Mas, jauh-jauh sampai sini?”
Darman “Aku diberi tahu Dik Siti, adik Mbak Fatimah, kalau kemarin sore Mbak Fatimah sakit, lalu tadi malam mondok di Rumah Sakit Dokter Sardjito”.
Tini “Kemarin di kelas Mbak Fatimah memang mengeluh, katanya kadang-kadang perutnya sakit. Tetapi kok lalu cepat sekali masuk Rumah Sakit. Sakit apa ya?”
Darman “Katanya sakit tifus, dan sudah lumayan akut”.
Tini “Wah, aku ingin segera bisa bezuk. Lha kalau kamu bagaimana Mas?”
Darman “Saya ke sini ini juga karena ingin mengajak bezuk kok”.
Tini “Ya, terimakasih banyak. Lalu kapan ... apakah sebaiknya tidak nanti sore saja?”
Darman “Aku setuju, tetapi naik apa?”
Tini “Naik mobil sini saja, kan kalau hari Minggu seperti ini Bapak libur”.
Darman “Lalu yang mengemudikan siapa? Kalau Ayahmu tidak saja, aku sungkan!”
Tini “Nanti dulu, saya tanya dulu kepada Mas Tono”.

Sumber dari “Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa” halaman 39 (lampiran), karya Drs. Haryana Harjawiyana, S.U dan Drs. Th. Supriya, diterbitkan oleh Penerbit Kanisius Yogyakarta tahun 2001.

Suwandi




Artikel Lainnya :



Bale Inap Bale Dokumentasi Bale Karya Bale Rupa Yogyakarta