Pasinaon Basa Jawa Kaping Rong Atus Wolung Puluh Loro Edhisi Mirunggan: 12 Juni 2015

12 Jun 2015 Ngecakake Tembung ”Arep” ing Undhak-Usuking Basa Jawa

Undha-Usuk Basa Jawi ing Wekdal Samenika

Ing ngadhap menika tuladha trap-trapanipun tembung wonten ing undha-usuk basa Jawi samenika, kanthi katrangan: n = cekakan saking basa ngoko, na = basa ngoko alus, k = basa krama, saha ka = basa krama alus. Sawetawis, tembung panyebat tiyang utawi ’kata ganti orang’ lan tembung kriya utawi ’kata kerja’ nyocogaken kaliyan undha-usukipun.

Dene tembung ingkang badhe kagem tuladha ing kalodhangan menika, inggih menika: ”arep” (tembung Ngoko/n) ingkang gadhah undha-usuk tembung ”badhe” (tembung Krama Ngoko/kn) ateges nedya; ”ajeng” (tembung Krama ngoko/kn) ateges adhep utawi doyan (ngoko); lan tembung ”kersa/kresa/kepareng” (tembung Krama Inggil/ki).

Ukara (1): ngangge tembung  ingkang ateges ”nedya”.

n          = Bapakarep lunga menyang Surabaya.

k          = Bapakbadhe kesah dhateng Surabaya.

ka        = Bapakbadhe tindak dhateng Surabaya.

bInd    = Bapakakan pergi ke Surabaya.

Ukara (2): ngangge tembung ingkang ateges ”adhep”.

n          = Lemarinediarepake mangulon.

k          = Lemantunipundipunajengaken mangilen.

bInd    = Almarinyadihadapkan ke barat.

Ukara (3): ngangge tembung ingkang ateges ”doyan”.

n          = Aku duwe pelem, apa kowearep?

na        = Adalem duwe pelem, apa panjenengankersa?

k          = kula gadhah pelem, menapa sampeyanajeng?

ka        = kula gadhah pelem, menapa panjenengankersa?

bInd    = Saya punya mangga, apa kamumau?

 Cathetan:

  • Ing ukara nginggil, tembungarep, nyocogagaken kaliyan undha-usuk basa Jawi. Semanten ugi tembung-tembung sanesipun. Tembung krama dipun ginakaken ing ukara krama, dene tembung krama inggil dipun ginakaken ing ukara ngoko alus lan krama alus.

Dudutan:

            Tembungarep dipun ginakaken kangge basa ngoko. Kangge mbasakaken dhiri pribadi saged ngangge tembung ajeng (krama) utawibadhe (krama inggil) utawipurun (krama). Kangge mbasakaken priyantun sanes ugi nganggekersa (krama inggil). Dados, sampun ngantos kuwalik anggenipun ngecakaken/ngetrapaken. Namung makaten, tembungarep kadhangkala digantos tembunggelem, mila ugi asring kepireng ing bebrayan Jawi nggunakaken tembung kramapurun. Tuladhanipun ukara: ”Kula gadhah rambutan kathah, menapa panjenenganpurun?” Menika kangge mbasakaken ukara ”Aku duwe rambutan akeh, apa kowegelem?”

Tuladhanipun:

  1. ”Pak, adalem badhe tumbas bakpia Pathuk, menapa panjenengankersa?” (Basa krama alus) (leres)
  2. ”Mas, kula gadhah buku waosan enggal, menapa sampeyanpurun ngampil?” (Basa krama) (leres)
  3. ”Dhik, aku arep menyang Parangtritis, kowegelem ora melu?” (basa ngoko) (leres)

Boten kepareng menawi lajeng matur mekaten:

  1. ”Pak, adalem badhe tumbas bakpia Pathuk, menapa panjenenganpurun?” (basa krama alus) (klentu)
  2. ”Mas, kula gadhah buku waosan enggal, menapa sampeyankersa nyilih?” (basa krama) (klentu)
  3. ”Dhik, aku arep menyang Parangtritis, kowe kersa ora melu?” (basa ngoko) (klentu)

 

Terjemahan Dalam Bahasa Indonesia

Pembelajaran Bahasa Jawa Kedua Ratus Delapan Puluh Dua  

Edisi Khusus: 8 Juni 2015

Menerapkan Kata ”Arep”  dalam Tingkat Tutur Bahasa Jawa

Tingkatan Tutur Bahasa Jawa di Zaman Sekarang

Di bawah ini contoh penerapan kata pada tataran bahasa Jawa saat ini, dengan keterangan: n = singkatan dari bahasa ngoko, na = bahasa ngoko halus, k = bahasa krama, dan ka = bahasa krama halus. Sementara, kata ganti orang dan kata kerja yang digunakan menyesuaikan tataran itu.

Sementara itu kata yang dipakai untuk contoh kali ini adalah kataarep artinya ”akan” (termasuk kata Ngoko/n) yang mempunyai tingkatan tutur katabadhe artinya”akan” (termasuk  kata Krama/k) atau ajeng artinya ”hadap” (termasuk kata Krama/k), ataupurun artinya ”mau” (termasuk kata Krama/n), dan katakersa/kresa/kepareng juga berarti ”akan, mau, boleh” (termasuk kata Krama Inggil/ki). Dari beberapa contoh di atas, mempunyai arti dalam bahasa Indonesia:

  1. Ind      = Bapakakan pergi ke Surabaya.
  2. Ind      = Almarinyadihadapkan ke barat.
  3. Ind      = Saya punya mangga, apakah kamumau?

Catatan:

  • Pada kalimat di atas, kataarep ”akan”, menyesuaikan dengan tingkat tutur bahasa Jawa. Demikian pula dengan kata-kata lainnya. Kata krama digunakan untuk kalimat krama, sedangkan kata krama inggil digunakan untuk kalimat ngoko dan juga krama halus.

Kesimpulan:

            Kataarep ”akan” digunakan untuk komunikasi ragam ngoko. Untuk menghormati diri sendiri bisa menggunakan kataajeng (bentuk krama) ataubadhe (krama inggil) ataupurun (krama), yang bisa berarti ”akan”, ”hadap”, atau ”mau”, tergantung konteks kalimatnya. Untuk menghormati orang lain juga menggunakan katakersa/kresa/pikantuk(krama inggil) yang artinya juga ”mau, boleh, akan”. Namun begitu, kataarep kadang-kadang diganti katagelem, maka sering terdengar di masyarakat Jawa mereka menggunakan kata krama-nyapurun. Contoh kalimat: Jadi jangan sampai keliru penerapannya. ”Aku punya rambutan banyak, apakah kamu mau (purun)?” Kalimat itu untuk menghaluskan kalimat: Aku punya rambutan banyak, apakah kamu mau (gelem?”

Contoh:

  1. ”Pak, saya akan beli bakpia Pathuk, apakah kamumau (kersa)?” (Bahasa krama halus) (benar)
  2. ”Mas, aku punya buku bacaan baru, apakah kamumau (purun) pinjam?” (Bahasa krama) (benar)
  3. ”Dik, aku akan ke Parangtritis, apakah kamumau (gelem) ikut atau tidak?” (bahasa ngoko (benar).

Tidak boleh lalu berkata demikian:

  1. ”Pak, saya akan beli bakpia Pathuk, apakah kamumau (purun)?” (Bahasa krama halus) (kurang tepat)
  2. ”Mas, aku punya buku bacaan baru, apakah kamumau (kersa) pinjam?” (bahasa krama) (salah)
  3. ”Dik, aku mau ke Parangtritis, apakah kamu, kamumau (kersa) ikut tidak?”  (salah)

            Demikianlah tadi penerapan tingkatan tutur dalam bahasa Jawa yang benar. Jika tidak dibiasakan dan terbiasa, tentu akan merasa sulit, apalagi yang belum tahu tentang bahasa Jawa.

**00**

Suwandi

Diolah dari buku “Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa” karangan Drs. Haryana Harjawiyana, S.U. dan Drs. Th. Supriya, tahun 2001, penerbit: Kanisius Yogyakarta, hlm. 39.

Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa, foto: Suwandi/tembi EDUKASI

Baca Juga

Artikel Terbaru

  • 16-06-15

    Kering Karena Ego

    “Ini tentang hilangnya Hak Mudah. Negeri ini subur dan kita hidup di atas air. Namun, untuk mendapatkan air bersih kita harus membayar. Air yang... more »
  • 16-06-15

    Cerpen Terbaik Kompa

    Gairah menulis dan kehidupan sastra di Indonesia semakin baik, setidaknya itu pandangan Myrna Ratna sebagai penyelenggara Penghargaan Cerpen Kompas... more »
  • 15-06-15

    Wahyu Tri Manggala M

    Sesaat sebelum pagelaran pakeliran wayang purwa di Tembi Rumah Budaya pada 29 Mei 2015, Ki Parjaya S Sn seorang ‘widyaiswara’ pendidik, pengajar,... more »
  • 15-06-15

    Pementasan Dalang An

    Setiap tahun Sanggar Wirabudaya Bantul selalu menyelenggarakan festival dalang anak dan remaja. Namun untuk kali ini nama festival yang bagi banyak... more »
  • 15-06-15

    Para Juara Festival

    Hari terakhir Festival Upacara Adat antarkecamatan se-Kabupaten Bantul dilaksanakan hari Rabu, 10 Juni 2015 dengan lokasi di Lapangan Pleret, Pleret... more »
  • 12-06-15

    Pendok Blewah dalam

    Pendok blewah atau sering pula disebut dengan pendok blewehan merupakan salah satu jenis dari bentuk pendok. Dinamakan pendok blewah karena pendok... more »
  • 12-06-15

    Kegigihan Kolonel Su

    Judul                  : Rakyat Jawa Timur Mempertahankan Kemerdekaan... more »
  • 12-06-15

    Kesuksesan Orang Sel

    Pada nomor 93 di dalam Kitab Primbon Betaljemur Adammakna dituliskan mengenai “Jayane Manungsa’’ yang artinya kesuksesan seseorang. Menurut kitab... more »
  • 12-06-15

    Kemeriahan Festival

     Secara marathon, Pemerintah Kabupaten Bantul melalui Dinas Kebudayaan dan Pariwisata, menyelenggarakan Festival Upacara Adat mulai tanggal 8-10... more »
  • 12-06-15

    Empat Penyair Tampil

    Malam Sastra Giri Lawu ke-2, yang akan diselenggarakan Sabtu, 13 Juni 2015, pukul 19.30 di InDie_coloGy Cafe, Jalan Candrakirana 14, Sagan,... more »