Pasinaon Basa JawaKaping Rong Atus Sewidak Siji
Edhisi Mirunggan: 25 Januari 2014

Ini contoh penerapan kata pada tataran bahasa Jawasaat ini, dengan keterangan: n = singkatan dari bahasa ngoko, na = bahasa ngoko halus, k = bahasa krama, saha ka = bahasa krama halus.

Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa, foto: Suwandi/tembi
Kamus Unggah-Ungguh Bahasa Jawacocok untuk belajar mengenal bahasa krama

Undha-Usuk Basa Jawi ing Wekdal Samenika

Pancen menawi dipun tandhingaken kaliyan jaman rumiyin, undha-usuk basa Jawi samenika langkung ringkes. Dene ing jaman rumiyin undha-usuk basa Jawi saged kaperang dados 13 jinis, kadosta: basa Ngoko-lugu, Ngoko-andhap (Antya-basa lan basa-Antya), basa Madya (Madya-Ngoko, Madyantara, lan Madya-krama), basa Krama Desa, basa Krama (Mudha-krama, Kramantara, lan Wredha-krama), basa Krama inggil, lan basa Kadhaton. Lajeng undha-usuk basa Jawi samenika langkung ringkes, namung kaprinci dados 4 jinis, inggih menika: basa Ngoko-lugu, basa Ngoko-alus, basa Krama-limrah, basa Krama-alus.

Ing ngadhap menika tuladha trap-trapanipun tembung wonten ing undha-usuk basa Jawi samenika, kanthi katrangan: n = cekakan saking basa ngoko, na = basa ngoko alus, k = basa krama, saha ka = basa krama alus.

7. Tembung = jupuken n = Ari panganan sing ana ing jero lemari kae jupuken!
na = Ibu Tini, dhaharan sing ana ing jero lemari kae panjenengan-pundhut!
k = Mbok Radem, tetedhan ingkang wonten lebet lemantun menika sampeyan-pendhet!
ka = Ibu Tini, dhaharan ingkang wonten lebet lemantun menika panjenengan-pundhut!
8. Tembung = jupukana n = Ari, panganan sing arep dianggo nyuguh kae jupukana!
na = Bu Tini, dhaharan siang arep diagem nyuguh kae panjenengan-pundhuti!
k = Mbok Radem, tetedhan ingkang badhe dipunangge nyegah menika sampeyan-pendheti!
ka = Ibu Tini, dhaharan ingkang badhe dipunagem nyegah menika panjenengan-pundhuti!

Cathetan:

  • Basa Ngoko, sedaya tembung saking tembung Ngoko; basa Ngoko alus ngagem tembung-tembung Krama alus, mirungganipun tembung-tembung kriya namung panambangipun ngagem ake/e; basa Krama sedaya tembung, klebet tembung-tembung kriya ngginakaken tembung Krama panambangipun ngagem aken/ipun; basa Krama alus sedaya tembung, klebet tembung-tembung kriya ngginakaken tembung Krama alus panambangipun ngagem aken/ipun. (Tulandha nomer 7)
  • Ing ukara pakon, tembung kriya ewah nyocogaken basanipun. Basa Ngoko, ngginakaken panambah ana; basa Ngoko alus, ngginakaken ater-ater panjenengan...i; basa Krama, ngginakaken ater-ater sampeyan...i; lan basa Krama alus ngginakaken ater-ater panjenengan...i. (tuladha nomer 8)

Terjemahan dalam BahasaIindonesia
Pembelajaran Bahasa JawaKedua Ratus Enam Puluh Satu
Edisi Khusus: 25 Januari 2014

Tingkatan Tutur Bahasa Jawadi Zaman Sekarang

Memang jika dibandingkan dengan zaman dulu, tataran tutur bahasa Jawadi zaman sekarang lebih ringkas. Pada zaman dulu tataran tutur bahasa Jawadapat dibedakan menjadi 13 jenis, yaitu: bahasa Ngoko-lugu, Ngoko-andhap (Antya-basa dan basa-Antya), bahasa Madya (Madya-Ngoko, Madyantara, dan Madya-krama), bahasa Krama Desa, bahasa Krama (Mudha-krama, Kramantara, dan Wredha-krama), bahasa Krama Inggil, dan bahasa Kadhaton. Lalu tataran tutur bahasa Jawasaat ini lebih ringkas, hanya dibagi menjadi 4 jenis, yaitu: bahasa Ngoko-lugu, bahasa Ngoko-halus, bahasa Krama-limrah (wajar), dan bahasa Krama-halus.

Di bawah ini contoh penerapan kata pada tataran bahasa Jawasaat ini, dengan keterangan: n = singkatan dari bahasa ngoko, na = bahasa ngoko halus, k = bahasa krama, saha ka = bahasa krama halus.

7. Tembung = jupuken
’ambillah’
n = Ari, makanan yang ada di dalam almari itu ambillah/jupuken!
na = Ibu Tini, makananyang ada di dalam almari itu ambillah/panjenengan-pundhut!
k = Mbok Radem, makananyang ada di dalam almari itu ambillah/sampeyan-pendhet!
ka = Ibu Tini, makananyang ada di dalam almari itu ambillah/panjenengan-pundhut!
8. Tembung = jupukana
’engkau ambil’
(berulangkali)
n = Ari, makanan yang akan dipakai untuk menyuguh itu engkau ambil (berulangkali)/jupukana!
na = Bu Tini, makananyang akan dipakai untuk menyuguh itu engkau ambil (berulangkali)/panjenengan-pundhuti!
k = Mbok Radem, makananyang akan dipakai untuk menyuguh itu engkau ambil (berulangkali)/sampeyan-pendheti!
ka = Ibu Tini, makananyang akan dipakai untuk menyuguh itu engkau ambil (berulangkali)/panjenengan-pundhuti!

Catatan:

  • Bahasa Ngoko, semua kata berasal dari kata Ngoko; basa Ngoko alus menggunakan kata-kata Krama halus termasuk kata-kata kerja hanya akhirannya menggunakan ake/e; bahasa Krama semua kata-kata termasuk kata-kata kerja menggunakan kata Krama akhirannya menggunakan aken/ipun; bahasa Krama halus semua kata-kata termasuk kata-kata kerja menggunakan kata Krama halus akhirannya menggunakan aken/ipun. (Contoh kalimat nomor 7)
  • Pada kalimat perintah, karta kerja berubah menyesuaikan bahasanya. Bahasa Ngoko, kata kerjanya menggunakan akhiran ana (berulangkali); bahasa Ngoko halus, kata kerjanya menggunakan awalan panjenengan...i (engkau.../../berulangkali); bahasa Krama, kata kerjanya menggunakan awalan sampeyan...i (engkau.../../berulangkali); dan bahasa Krama halus kata kerjanya menggunakan awalan panjenengan...i (engkau.../../berulangkali). (contoh kalimat nomor 8)

(bersambung)

Suwandi

Disarikan dari buku “Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa” karangan Drs. Haryana Harjawiyana, S.U. dan Drs. Th. Supriya, tahun 2001, penerbit: Kanisius Yogyakarta, hlm. 128-129.



Artikel ini merupakan Hak Cipta yang dilindungi Undang Undang - Silahkan Mencopy Content dengan menyertakan Credit atau link website https://tembi.net - Rumah Sejarah dan Budaya


Baca Juga Artikel Lainnya :




Bale Inap Bale Dokumentasi Bale Karya Bale Rupa Yogyakarta