PASINAON BASA JAWA KAPING RONG ATUS TELUNG PULUH WOLU EDHISI MIRUNGGAN: 12 OKTOBER 2012

Pigunanipun Basa Krama Alus

Wonten sawetawis pawicantenan ingkang ngangge basa Krama Alus, antawisipun inggih menika:

1. Kangge wicanten kaliyan tiyang ingkang statusipun kirang langkung sami, samidene sanget kurmat-kinurmatan, amargi boten utawi dereng patos kulina. Yen nyebat dhirinipun piyambak limrahipun mawi tembung krama: kula, awis-awis ingkang mawi tembung krama inggil: adalem.

Terjemahan dalam bahasa Indonesia

Fungsi Bahasa Krama Alus

Ada beberapa dialog yang menggunakan tataran bahasa Krama Halus, di antaranya, yaitu:

1. Untuk dialog antara orang yang mempunyai status atau derajat kurang lebih sama, keduanya saling menghormati, disebabkan di antara keduanya tidak atau belum begitu akrab. Untuk menyebut diri-sendiri umumnya memakai kata krama: “kula” (saya) sangat jarang memakai kata krama inggil: “adalem” (saya).

Tuladhanipun
Pawicantenanipun Pak Jaka kaliyan Tuan Brown. Ing salebeting cariyos, Pak Jaka katamuan kanca gulet tiyang Amerika, namanipun Tuan Brown. Piyambakipun saweg sinau kabudayan Jawi, lan sampun pinter basa Jawi.
+ Tuan Brown : Kadospundi Mas Jaka, sampun kagungan wawasan ingkang perlu kula tingali?
- Pak Jaka : Menawi mriksani sendratari ing Prambanan kadospundi?
+ Tuan Brown : Nyuwun pangapunten, kula sampun nate ningali, manawi sanesipun kemawon?
- Pak Jaka : Lha Panjenengan badhe ngersakaken menapa?
+ Tuan Brown : Wonten Amerika kula nate ningali ringgit purwa, dhalangipun Pak Pandam Guritna, nanging namung sakedhap sanget.
- Pak Jaka : Wah, manawi makaten mangke dalu kaleres malem Minggu, mriksani ringgit purwa wonten ing Sasana Inggil sadalu, kula dherekaken.
+ Tuan Brown : Inggih prayogi, menapa Mas Jaka sampun midhanget dhalangipun sinten?
- Pak Jaka : Dhalangipun Pak Timbul saking Bantul, piyambakipun sampun kondhang sa-Ngayogyakarta.

Contohnya:
Dialog antara Pak Jaka dengan Tuan Brown. Pada suatu kisah, Pak Jaka kedatangan tamu, teman akrab dari Amerika, namanya Tuan Brown. Ia sedang belajar kebudayaan Jawa, dan sudah mahir berbahasa Jawa.
+ Tuan Brown : Bagaimana Mas Jaka, sudah punya pandangan yang perlu saya lihat?
- Pak Jaka : Kalau melihat sendratari di Prambanan bagaimana?
+ Tuan Brown : Mohon maaf, saya pernah melihat, kalau lainnya saja bagaimana?
- Pak Jaka : Lha Anda hendak menginginkan apa?
+ Tuan Brown : Di Amerika saya pernah melihat wayang kulit, dalangnya Pak Pandam Guritna, tetapi hanya sebentar sekali.
- Pak Jaka : Wah, kalau begitu nanti malam kebetulan malam Minggu, melihat wayang kulit di Sasana Inggil semalam suntuk, saya antar.
+ Tuan Brown : Ya baiklah, apakah Mas Jaka sudah mengetahui dalangnya siapa?
- Pak Jaka : Dalangnya Pak Timbul dari Bantul, beliau sudah terkenal se-Yogyakarta.

Suwandi

Sumber diambil dari “Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa” karangan Drs. Haryana Harjawiyana, S.U. dan Drs. Th. Supriya, tahun 2001, penerbit: Kanisius Yogyakarta, hlm. 102-103.


Artikel Lainnya :


Bale Inap Bale Dokumentasi Bale Karya Bale Rupa Yogyakarta