Pasinaon Basa Jawa Kaping Rong Atus Sewidak Telu Edhisi: 28 Februari 2014

Author:opie / Date:28-02-2014 / Pasinaon Basa Jawa

Miturut sejarah, pancen njebluge Gunung Kelud kang uwis-uwis mesthi gedhe lan awune ngebaki langit tekan tlatah-tlatah kang adohe nganti atusan kilometer. Mula ora mokal, kaya njebluge ing taun iki, klebu tlatah Ngayogyakarta dikebaki awu saka Gunung Kelud kasebut.

Gunung Kelud Njeblug 13 Pebruari 2014, sumber foto: www.lintas me
Kawah Gunung Kelud sadurunge mbledhos, foto: www.lintas me

1. Warta

Gunung Kelud Njeblug

Sawise gunung Sinabung kang ana ing tlatah Sumatra Utara, pulo Sumatra wis njeblug ing sawetara wektu kepungkur, saiki kasusul njebluge gunung Kelud kang ana ing tlatah Jawa Timur, pulo Jawa. Pase ing dina Kemis tanggal 13 Pebruari 2014 kira-kira jam 11 wengi utawa malem Jemuwah tanggal 14 Pebruari 2014. Njebluge gunung Kelud iki ndadekake kagete wong-wong kang ana ing tlatah Jawa Tengah, DIY, lan sebageyan Jawa Barat. Amarga kanthi jarak kang adohe nganti atusan kilometer, awu jeblugan gunung Kelud kasebut ngebaki langit ing tlatah-tlatah kang kasebut mau. Bisa dipesthekake yen njebluge gunung Kelud kasebut pancen gedhe banget.

Miturut sejarah, pancen njebluge Gunung Kelud kang uwis-uwis mesthi gedhe lan awune ngebaki langit tekan tlatah-tlatah kang adohe nganti atusan kilometer. Mula ora mokal, kaya njebluge ing taun iki, klebu tlatah Ngayogyakarta dikebaki awu saka gunung Kelud kasebut. Wiwit sawise Subuh tanggal 14 Pebruari 2014, tlatah Ngayogyakarta dikebaki awu kang kandele antarane sasenti tekan pitung sentimeter. Malah nganti tekan awan ing dina kasebut, langite isih dikebaki awu. Dalan-dalan peteng dikebaki bledug awu saka kendharaan kang lewat, wit-wit lan gendheng-gendheng uga dikebaki awu. Sekolah padha prei. Bandhara ing DIY, Solo, lan Surabaya ditutup kanggo sawetara wektu.

Wiwit saka esuk srengenge wis ora katon amarga katutup saka awu nganti tekan awan. Ndah eba nemene ing tlatah-tlatah kang luwih cedhak, kayata Kediri, Malang lan Blitar minangka kabupaten papane gunung Kelud kasebut. Miturut pawarta saka televisi, udan krikil lan awu ngebaki tlatah kang cedhak saka gunung kasebut. Masarakat kang manggon ing perenging gunung kasebut, jarak 10 km saka pucuking gunung Kelud wis dijaluk padha ngungsi. Muga-muga wae njebluge gunung Kelud ing taun iki ora nggawa korban akeh, senajan ngepasi dina Valentin.

2. Wawan rembug

Esuk-esuk warga Ngayogyakarta lan tlatah-tlatah kang ana ing DIY, Jawa Tengah, lan Jawa Barat sisih wetan padha kaget kanthi njebluge gunung Kelud kang ngedab-edabi gedhene lan akehe anggone ngetokake awu. Malah awu kasebut metengi langit lan ndadekake srengenge ora katon. Kahanan dadi tintrim nggegirisi. Bocah sekolah padha prei. Wong-wong nyambut gawe padha prei, amarga dalane peteng lelimengan kebak awu. Apa maneh ora udan, ndadekake dalane tansaya peteng nalika akeh kendharaan padha pating sliwer. Kahanan kang kaya mangkono mesthi wae ndadekake was sumelange kabeh warga kang mapan ing tlatah-tlatah kasebut, klebu uga warga kang mapan ing tlatah Ngayogyakarta, contone kaya Mbah Panca lan Mas Kancil (kekarone jeneng sesinglon). Pacelathon kekarone kaya ing ngisor iki.

Mbah Panca Esuk-esuk kok jagade wis lelimengan peteng ndhedhet, ana apa ta iki Mas Kancil?
Mas Kancil Leres Mbah, ………. jagadipun taksih peteng ndhedhet, amargiredi Kelud nembe njeblug? Menapa Mbah Panca dereng mirengpawartosipun?
Mbah Panca Durung je Mas. Aku durung krungu …….. yen ……. Kelud njeblug. Kapan je njebluge?
Mas Kancil Lho kala dalu Mbah,kinten-kinten pukul 11 dalu. Kula piyambak mireng pawartosipun saking televisi swasta ingkang ngabaraken bab menika!
Mbah Panca Oh layak yen awune tekan kene. Dadi lagi mau bengi ta njebluge. …… jam 11 bengi ya?
Mas Kancil Inggih leres Mbah. Lho redi Kelud menikaasring njeblug ta Mbah?
Mbah Panca Ya bisa dianggep ………, saora-orane saben 20 taun mesthi njeblug. Lan bisa dititeni, saben Kelud njeblug mesthi awune ngebaki jagad kang adohe nganti atusan kilometer. Malah taun iki ngebaki langit ing tlatah Jawa Tengah, DIY, lan Jawa Barat. Dadi langite peteng ndhedhet kaya ngene iki.
Mas Kancil Ooh mekaten ta Mbah sejarahipun.
Mbah Panca Iya, mulane sing padha ngati-ati yen ana gunung njeblug ora usah padha lelungan kang adoh-adoh, yen ora wigati. Amarga bisa nemahi kacilakan.
Mas Kancil Inggih Mbah.

Gunung Kelud Njemblug 13 Pebruari 2014, sumber foto: Sartono
Stasiun Tugu Ngayogyakarta dikebaki awu Gunung Kelud, foto: Sartono

Mbah Panca lan Mas Kancil enggal mlebu omah maneh amarga udan awune tansaya deres. Kaya ing pasinaon sadurunge, para netter utawa para maos kasuwun kersa ngisi ukara sing durung rampung. Tembung-tembung kang kacithak kandel minangka pancingan kanggo ngisi. Sugeng ngisi!

Undha-usuking tembung ngoko – krama kaya sing digunakake ing dhuwur.

Tembung Ngoko Krama Krama Inggil
esuk-esuk enjing-enjing/enjang-enjang -
gunung redi -
kerep asring -
kira-kira kinten-kinten -
pawartane pawartosipun -

3. Mangsuli pitakonan

  1. Gunung apa kang lagi wae njeblug ing tlatah Jawa Timur?
  2. Dene gunung kang sadurunge njeblug ing tlatah Sumatra jenenge gunung apa?
  3. Kanthi njebluge gunung ing Jawa Timur kasebut, awune nganti tekan ngendi wae?

Terjemahan Bahasa Indonesia
Pelajaran Bahasa Jawa
Kedua Ratus Enam Puluh Tiga
Edisi: 28 Februari 2014

1. Berita

Gunung Kelud Meletus

Setelah gunung Sinabung yang terletak di Sumatera Utara sudah meletus beberapa waktu lalu, sekarang ini disusul meletusnya Gunung Kelud yang terletak di Jawa Timur. Tepatnya pada hari Kamis 13 Februari 2014 sekitar jam 11 malam atau bertepatan malam Jumat menjelang tanggal 14 Februari 2014. Meletusnya gunung Kelud ini membuat kaget sebagian besar warga masyarakat di wilayah Jawa Tengah, DIY, dan sebagian Jawa Barat. Sebab dengan jarak yang jauhnya ratusan kilometer, abu letusan Gunung Kelud tersebut memenuhi langit di wilayah-wilayah tersebut. Bisa dipastikan letusan Gunung Kelud tersebut memang sangat besar.

Menurut sejarah, memang letusan Gunung Kelud yang pernah terjadi pasti eksplosif dan abunya memenuhi langit hingga ke tempat-tempat yang jauhnya mencapai ratusan kilometer. Maka tidak mustahil, seperti letusan di tahun ini, termasuk wilayah Yogyakarta dipenuhi abu vulkanik dari gunung Kelud tersebut. Mulai Subuh tanggal 14 Februari 2014, wilayah Yogyakarta dipenuhi abu dengan ketebalan mulai dai satu centimeter hingga tujuh centimeter. Bahan hingga siang hari di hari itu, langit Yogyakarta masih dipenuhi abu vulkanik. Jalan-jalan menjadi gelap akibat kendaraan yang lewat, pepohonan dan genting-genting juga banyak dipenuhi abu. Sekolah-sekolah diliburkan. Bandara di DIY, Solo, dan Surabaya juga ditutup untuk sementara waktu.

Sejak pagi matahari tertutup hujan abu hingga siang hari. Wilayah di dekat Gunung Kelud tentu lebih parah lagi, seperti Kediri, Blitar, dan Malang. Menurut informasi dari televisi, hujan kerikil dan abu memenuhi wilayah-wilayah di dekat gunung tersebut. Masyarakat yang tinggal di lereng gunung tersebut yang berjarak 10 km dari puncak gunung Kelud sudah diminta untuk mengungsi. Semoga saja letusan gunung Kelud pada tahun ini tidak membawa korban banyak, walaupun kebetulan meletusnya bertepatan dengan hari Valentin.

Gunung Kelud Njemblug 13 Pebruari 2014, sumber foto: www.tempo.co
Gendheng-Gendheng omah ing Jogokaryan Ngayogyakarta dikebaki awu saka Gunung Kelud,
foto: www.tempo.co

2. Dialog

Pagi-pagi warga Yogyakarta dan juga wilayah-wilayah di DIY, Jawa Tengah, dan Jawa Barat bagian timur dibuat terkejut oleh letusan Gunung Kelud yang begitu dahsyat besarnya dan banyak mengeluarkan abu vulkanik. Bahkan abu tersebut membuat langit menjadi gelap sehingga matahari tidak kelihatan. Situasi menjadi mengerikan. Anak-anak sekolah diliburkan. Orang-orang bekerja banyak yang libur, sebab jalan gelap gulita penuh debu. Apalagi situasi saat itu tidak ada hujan, membuat jalan semakin gelap karena banyak kendaraan berlalu-lalang. Situasi yang demikian itu jelas membuat banyak orang di berbagai tempat khawatir, termasuk warga yang tinggal di Yogyakarta, contohnya Mbah Panca dan Mas Kancil (keduanya nama samaran). Dialog keduanya seperti di bawah ini.

Mbah Panca Pagi-pagi kok dunianya sudah gelap gulita, ada apa to ini Mas Kancil?
Mas Kancil Benar Mbah, ………. dunianya masih gelap gulita, sebabGunung Kelud baru saja meletus. Apakah Mbah Panca belum mendengarberitanya?
Mbah Panca Belum Mas. Saya belum dengar …….. kalau ……. Kelud meletus. Kapan meletusnya?
Mas Kancil Lho tadi malam Mbah,kira-kira jam 11 malam. Saya sendiri mendengar berita ini dari televisi swasta yang mengabarkan berita tersebut!
Mbah Panca Oh pantesan kalau abunya sampai sini. Jadi tadi malam to meletusnya. …… jam 11 malam ya?
Mas Kancil Iya benar Mbah. Lho Gunung Kelud itusering meletus to Mbah?
Mbah Panca Ya bisa dianggap begitu ………, setidak-tidaknya setiap 20 tahun pasti meletus. Dan bisa ditebak, setiap Kelud meletus tentu abunya memenuhi alam yang jaraknya hingga ratusan kilometer. Bahkan tahun ini memenuhi langit di wilayah Jawa Tengah, DIY, dan Jawa Barat. Jadi langitnya gelap gulita seperti saat ini.
Mas Kancil Ooh begitu to Mbah sejarahnya.
Mbah Panca Iya, makanya semua harus hati-hati jika ada gunung meletus tidak usah bepergian yang jauh-jauh, jika tidak sangat penting. Sebab bisa mendapatkan musibah.
Mas Kancil Iya Mbah.

Mbah Panca dan Mas Kancil segera masuk rumah lagi karena hujan abu semakin deras. Seperti dalam pembelajaran sebelumnya, para netter atau para pembaca diminta untuk mengisi kalimat yang belum selesai. Kata-kata tercetak tebal sebagai pancingan untuk mengisi. Selamat mengisi!

Tingkatan kata ngoko – krama seperti yang digunakan di atas.

Tembung Ngoko Krama Krama Inggil Bahasa Indonesia
esuk-esuk enjing-enjing/enjang-enjang - pagi-pagi
gunung redi - gunung
kerep asring - sering
kira-kira kinten-kinten - kira-kira
pawartane pawartosipun - beritanya

3. Menjawab pertanyaan

  1. Gunung apakah yang baru saja meletus di wilayah Jawa Timur?
  2. Sementara gunung yang sebelumnya meletus di daerah Sumatra gunung apa?
  3. Dengan meletusnya gunung Jawa Timur tersebut, abunya beterbangan hingga ke mana saja?

Naskah :Suwandi

Pasinaon Basa Jawa

Latest News

  • 15-09-14

    Lawatan Sejarah Pela

    Lawatan Sejarah pelajar Bantul ini juga semakin menarik karena diikuti juga oleh Putra dan Putri Bantul sebagai duta budaya. Sudah sepantasnya Putra... more »
  • 15-09-14

    Malam Pembukaan ARKI

    Khusus untuk gelaran tahun ini, ARKIPEL mengangkat tema Electoral Risk yang mencoba melihat bagaimana sinema membaca demokrasi, aktivisme, politik,... more »
  • 15-09-14

    Tiga Tahun Sastra Bu

    Ternyata, Sastra Bulan Purnama yang sering disingkat SBP, bisa melampaui usia 3 tahun, dan sepanjang 3 tahun ratusan puisi sudah ditulis dan... more »
  • 13-09-14

    Ki Dr Suyanto Mengge

    Memang seperti itulah Ki Suyanto. Setiap ada kesempatan, baik di perkuliahan maupun di pegelaran, ia senantiasa menyampaikan kawruh-kawruh pakeliran-... more »
  • 13-09-14

    Semprong Pengganti T

    Bentuk semprong seperti tabung dengan panjang sekitar 30—40 cm berdiameter 3—5 cm, terbuat dari potongan bambu utuh, kedua ujungnya berlubang. Alat... more »
  • 13-09-14

    Sensasi Pecel Kecamb

    Rasa bumbu pecel itu mungkin bisa dikatakan tidak terlalu jauh berbeda dengan pecel pada umumnya. Namun rasa kecambah lamtoro, tempe benguk goreng... more »
  • 13-09-14

    Orang Rabu Wage dan

    Orang kelahiran Rabu Wage pada dasarnya baik, percaya diri, pemberani, tidak takut mati. Ia suka memberi kepada sesamanya. Sayangnya jika terpojok... more »
  • 12-09-14

    Hj Sri Surya Widati

    Selesai meluncurkan antologi puisi, Hj Sri Surya Widati membacakan satu puisi pendek karya Joko Piunrbo berjudul ‘Parangtritis’ sambil diiringi musik... more »
  • 12-09-14

    Denmas Bekel 12 Sept

    more »
  • 12-09-14

    Malam Ini Pentas Way

    Pada Jumat 12 September 2014 pukul 20.00, Paguyuban Dalang Muda Sukra Kasih dan Tembi Rumah Budaya kembali menggelar pementasan wayang kulit semalam... more »