Pasinaon Basa Jawa Kaping Rong Atus Sewidak Lima Edhisi Mirunggan: 5 April 2014

Author:editorTembi / Date:05-04-2014 / Pancen menawi dipun tandhingaken kaliyan jaman rumiyin, undha-usuk basa Jawi samenika langkung ringkes. Dene ing jaman rumiyin undha-usuk basa Jawi saged kaperang dados 13 jinis, kadosta: basa Ngoko-lugu, Ngoko-andhap (Antya-basa lan basa-Antya), basa Madya.

Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa, foto: Suwandi/tembi
Kamus Unggah-Ungguh Bahasa Jawa cocok untuk belajar mengenal bahasa krama

Undha-Usuk Basa Jawi ing Wekdal Samenika

Pancen menawi dipun tandhingaken kaliyan jaman rumiyin, undha-usuk basa Jawi samenika langkung ringkes. Dene ing jaman rumiyin undha-usuk basa Jawi saged kaperang dados 13 jinis, kadosta: basa Ngoko-lugu, Ngoko-andhap (Antya-basa lan basa-Antya), basa Madya (Madya-Ngoko, Madyantara, lan Madya-krama), basa Krama Desa, basa Krama (Mudha-krama, Kramantara, lan Wredha-krama), basa Krama inggil, lan basa Kadhaton. Lajeng undha-usuk basa Jawi samenika langkung ringkes, namung kaprinci dados 4 jinis, inggih menika: basa Ngoko-lugu, basa Ngoko-alus, basa Krama-limrah, basa Krama-alus.

Ing ngadhap menika tuladha trap-trapanipun tembung wonten ing undha-usuk basa Jawi samenika, kanthi katrangan: n = cekakan saking basa ngoko, na = basa ngoko alus, k = basa krama, saha ka = basa krama alus. Sawetawis, tembung panyebat tiyang ’kata ganti orang’ lan tembung kriya ’kata kerja’ nyocogaken kaliyan undha-usukipun.

13. Tembung = kokjupuk n = Yanti, piring kembang-kembang ing kene mau apa wis kokjupuk? 
na = Ibu Tini, ambengan kembang-kembang ing kene mau menapa sampun panjenengan-pundhut? 
k = Mbok Radem, lancaran sekar-sekar ing ngriki wau menapa sampun sampeyan-pendhet? 
ka = Ibu Tini, ambengan sekar-sekar ing ngriki wau menapa sampun panjenengan-pundhut?
14. Tembung = kokjupuki n = Yanti, piring sing kokjupuki iku daksrebetane ya? 
na = Ibu Tini, ambengan sing panjenengan-pundhuti iku daksrebetane ya? 
k = Mbok Radem, lancaran ingkang sampeyan-pendheti menika kula-srebetanipun inggih? 
ka = Ibu Tini, ambengan ingkang panjenengan-pundhuti menika adalem srebetanipun inggih?

Cathetan:

  • Ing ukara pitakon ’pertanyaan’, tembung kriya ewah nyocogaken basanipun. Basa Ngoko, ngginakaken ater-ater/awalan lan panambang/akhiran kok...; basa Ngoko alus, ngginakaken panjenengan(basa krama alus)...; basa Krama, ngginakaken sampeyan (krama lugu)...; lan basa Krama alus ngginakakenpanjenengan (basa krama alus).... (tuladha nomer 13).
  • Ing ukara pitakon ’pertanyaan’, tembung kriya ewah nyocogaken basanipun. Basa Ngoko, ngginakaken ater-ater/awalan lan panambang/akhiran kok...i; basa Ngoko alus, ngginakaken panjenengan (basa krama alus)...i; basa Krama, ngginakaken sampeyan (krama lugu)...i; lan basa Krama alus ngginakakenpanjenengan (basa krama alus)...i. (tuladha nomer 12)

Terjemahan dalam Bahasa Indonesia
Pembelajaran Bahasa Jawa Kedua Ratus Enam Puluh Lima 
Edisi Khusus: 5 April 2014

Tingkatan Tutur Bahasa Jawa di Zaman Sekarang

Memang jika dibandingkan dengan zaman dulu, tataran tutur bahasa Jawa di zaman sekarang lebih ringkas. Jika di zaman dulu tataran tutur bahasa Jawa dapat dibedakan menjadi 13 jenis, seperti: bahasa Ngoko-lugu, Ngoko-andhap (Antya-basa dan basa-Antya), bahasa Madya (Madya-Ngoko, Madyantara, dan Madya-krama), bahasa Krama Desa, bahasa Krama (Mudha-krama, Kramantara, dan Wredha-krama), bahasa Krama Inggil, dan bahasa Kadhaton. Lalu tataran tutur bahasa Jawa saat ini lebih ringkas, hanya dibagi menjadi 4 jenis, yaitu: bahasa Ngoko-lugu, bahasa Ngoko-halus, bahasa Krama-limrah (wajar), dan bahasa Krama-halus.

Di bawah ini contoh penerapan kata pada tataran bahasa Jawa saat ini, dengan keterangan: n = singkatan dari bahasa ngoko, na = bahasa ngoko halus, k = bahasa krama, saha ka = bahasa krama halus. Sementara, kata ganti orang dan kata kerja yang digunakan menyesuaikan tataran itu.

13. Kata = kokjupuk
'kau ambil'
n = Yanti, apakah piring (motif) bunga-bunga di sini tadi sudah kau ambil/kokjupuk? 
na = Ibu Tini, apakah piring (motif) bunga-bunga di sini tadi sudah kau ambil/panjenengan-pundhut? 
k = Mbok Radem, apakah piring (motif) bunga-bunga di sini tadi sudah kau ambil/sampeyan-pendhet? 
ka = Ibu Tini, apakah piring (motif) bunga-bunga di sini
14. Kata = kokjupuki
'kau ambili'
n = Yanti, piring yang kau ambili/kokjupuki itu, biarlah saya lap ya? 
na = Ibu Tini, piring yang kau ambili/panjenengan-pundhuti itu, biarlah saya lap ya? 
k = Mbok Radem, piring yang kau ambili/sampeyan-pendheti itu, biarlah saya lap ya? 
ka = Ibu Tini, piring yang kau ambili/panjenengan-pundhuti itu, biarlah saya lap ya?

Catatan:

  • Pada kalimat pertanyaan, kata kerja berubah menyesuaikan jenis ragam bahasanya. Bahasa Ngoko, menggunakan awalan kok...; bahasa Ngoko halus, menggunakan panjenengan+(basa krama alus)...; bahasa Krama, menggunakan sampeyan+(krama lugu)...; dan bahasa Krama halus menggunakanpanjenengan+(basa krama alus)+.... (contoh kalimat nomor 13)
  • Pada kalimat pertanyaan, kata kerja berubah menyesuaikan jenis ragam bahasanya. Bahasa Ngoko, menggunakan kok...i; bahasa Ngoko halus, menggunakan panjenengan+(basa krama alus)...i; bahasa Krama, menggunakan sampeyan+(krama lugu)...i; dan bahasa Krama halus menggunakanpanjenengan+(basa krama alus)...i. (contoh kalimat nomor 14)

(bersambung)

Suwandi

Disarikan dari buku “Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa” karangan Drs. Haryana Harjawiyana, S.U. dan Drs. Th. Supriya, tahun 2001, penerbit: Kanisius Yogyakarta, hlm. 129.

Pasinaon Basa Jawa

Latest News

  • 16-09-14

    Lukisan Prajurit Ker

    Niat baik untuk memublikasikan kekhasan Yogyakarta melalui lukisan prajurit Keraton Yogyakarta ini patut dihargai, namun ketepatan lukisan dan... more »
  • 16-09-14

    Saling Memengaruhi M

    Judul: “Rijsttafel”: Budaya Kuliner di Indonesia Masa Kolonial 1870—1942  Penulis: Fadly Rahman  Penerbit: PT Gramedia Pustaka Utama... more »
  • 16-09-14

    Haji Achmadi Umar In

    Selain tanjidor dan gambang kromong, tak banyak orang tahu bahwa kesenian Betawi lainnya yang sudah ada sejak dekade 1920-an, yakni musik samrah,... more »
  • 15-09-14

    Lawatan Sejarah Pela

    Lawatan Sejarah pelajar Bantul ini juga semakin menarik karena diikuti juga oleh Putra dan Putri Bantul sebagai duta budaya. Sudah sepantasnya Putra... more »
  • 15-09-14

    Malam Pembukaan ARKI

    Khusus untuk gelaran tahun ini, ARKIPEL mengangkat tema Electoral Risk yang mencoba melihat bagaimana sinema membaca demokrasi, aktivisme, politik,... more »
  • 15-09-14

    Tiga Tahun Sastra Bu

    Ternyata, Sastra Bulan Purnama yang sering disingkat SBP, bisa melampaui usia 3 tahun, dan sepanjang 3 tahun ratusan puisi sudah ditulis dan... more »
  • 13-09-14

    Ki Dr Suyanto Mengge

    Memang seperti itulah Ki Suyanto. Setiap ada kesempatan, baik di perkuliahan maupun di pegelaran, ia senantiasa menyampaikan kawruh-kawruh pakeliran-... more »
  • 13-09-14

    Semprong Pengganti T

    Bentuk semprong seperti tabung dengan panjang sekitar 30—40 cm berdiameter 3—5 cm, terbuat dari potongan bambu utuh, kedua ujungnya berlubang. Alat... more »
  • 13-09-14

    Sensasi Pecel Kecamb

    Rasa bumbu pecel itu mungkin bisa dikatakan tidak terlalu jauh berbeda dengan pecel pada umumnya. Namun rasa kecambah lamtoro, tempe benguk goreng... more »
  • 13-09-14

    Orang Rabu Wage dan

    Orang kelahiran Rabu Wage pada dasarnya baik, percaya diri, pemberani, tidak takut mati. Ia suka memberi kepada sesamanya. Sayangnya jika terpojok... more »